Wayang RAMAYANA
Ramayana mujudake epik, karya sastra Hindu paling tuwa ing India, nyritakake lelakone Sri Rama lan Dewi Sinta sarta perang tandhing antarane Sri Rama lumawan Rahwana (Prabu Dasamuka) kang dimenangake dening Sri Rama. Rerangken crita karajut kanthi endah nengsemake. Sawijining wiracarita dawa, 24.000 sloka (gurit) dumadi saka 7 bageyan kang sinebut kandha yaiku; Ayodhya Kandha sing isine nyaritakake kalairane para putra Ayodhya (Rama). Bala Kandha nyaritakake para putra Ayodhya nalika isih cilik lan pendhidhikane. Aranya Kandha nyaritakake lelakone Sang Rama lan Laksamana jroning ngamanake para Resi saka gangguan para raseksa. Kiskendha Kandha isinenyaritakake kerajaan kethek ing Guwa Kiskendha lan pambiyantune Sang Rama marang Sugriwa kanggo merjaya marang Subali. Pungkasane crita Sugriwa dadi abdine Sang Rama. Sundara Kandha nyaritakake pambangunane kreteg Situbanda tumuju negara Alengka kanthi ngerigake bala kethek. Yudha Kandha nyaritakake paprangan antarane Sang Ram...

Comments
Post a Comment