Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima
Ing jaman modern samenika jajanan tradisional asring kagiles dening tetedhan “cepat saji”, ingkang kandhutan bahanipun kepara damel bebaya kanggenipun badan. Klepon kalebet satunggaling tetedhan tradisional. Klepon awujud jajanan bunder-bunder alit kirang langkung sajempol, warninipun ijem sepuh lan ing lebetipun dipuniseni gendhis abrit (Jawi). Ingkang limrahipun mawi kawadhahan sudhi. Caranipun damel klepon ugi gampil sanget. Bahan-bahannipun ingkang limrah kadosta: (1) glepung wos ketan, (2) glepung jagung, (3) glepung wos biasa, (4) gendhis abrit (jawi), (5) sarem, (6) parudan klapa, (7) ron pandhan lan apu. Caranipun damel ingkang sapisan: glepung-glepung wau sadaya dipundadosaken satunggal, lajeng dipunsukani toya ingkang warni ijem (toya pandan ingkang sampun apu sakedhik supados warnipun saged ijem). Adonan wau lajeng dipunwangun bunder-bunder alit kirang langkung sajempol lan ing lebetipun dipunsukani gendhis abrit sacekapipun. Sasampunipun mekaten lajeng dipungodhog, dip...