Posts

Showing posts with the label Crita Legenda

Crita Mula-bukane Desa TANJUNGANOM

Image
Wekdal punika, sakderengipun Desa Tanjunganom wonten, madeg kerajaan ingkang asmanipun kerajaan Darawati, ingkang ratunipun asmane Darawati. Ratu Darawati punika wanita ingkang ayu sanget, yuswanipun sampun sepuh, ananging Ratu Darawati taksih awet enom, buktinipun raupanipun Ratu Darawati tetep ayu saha seger. Satunggalipun dinten, daerah sekitar kerajaaan Darawati wonten banjir ingkang ageng sanget. Daerah kalawau badhe roto kaliyan toyo. Daerah kalawau kados segara. Nanging, wilayah kerajaan Darawati punika wonten ing pinggiripun banjir utawi ing Semenanjung. Supados Ratu Darawati mboten tansah kemutan, lajeng Raru Darawati nanem wit, wit kalawau saged nyedot toyo banjir, banjur wilayah punika dados daratan ingkang subur. Ratu Darawati kepengin daratan kalawau dados Desa ingkang makmur. Ratu Darawati lajeng  nimbali para dayang supados dipunajak rerembugan maringi asma desa punika. Ngertos-ngertos Ratu Darawati emut kaliyan tembung “Semenanjung” saha amargi Ratu Darawati ...

Crita Mulabukane Desa Sugihrejo

Image
Jaman biyen sakdurunge jeneng desa Sugihrejo ana, ing kono dhukuh yaiku popoh, pasinggahan, kinjeng, lan paras. Critane mbah Guder yaiku sesepuh ing dukuh Popoh, lan sing nj a g a dukuh. P opoh perang karo desa G abus. Pera n g iku paling dahsyat amargane ng gunakn a keris pusaka kang sekti mandraguna. Ing peperangan kuwi dijalari amerga anane salah paham, langsung wong desa Gabus iku m bales nginting-inting, ngajak para warga desa Gabus karep mbales mring warga Po poh. P a prangan e suwe banget nganti akhire mapak ing retek, akeh wong sing mati salah sijine yaiku mbah Guder (sesepuh ing dukuh Popoh). Mbah Guder mati amarga ditusuk keris kang sakti kuwi lan jasade dimkamno ing sekitar retek popoh. Nganti saiki retek iku diwenehi jeneng retek Guder. Amarga arwah mbah Guder saiki njaga dukuh P opoh ing sekitar retek saka serangan desa liy a . Nanging makame mbha Guder dipindah para ulama ing tengah sawah, malah arwahe mbah Guder ora gelem ing tengah sawah. Berkat jerih payahe mbah...

Asal-usule Kutha PATI Pesantenan

Image
Ing Pantai Lor Pulo Jawa (Pantura), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan. Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine. Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja wiwa...

Legenda Dumadine KESANGA

Image
          Sang Raja ing Medang Kamolan sajak katon susah. Sepisan, menggalhake kancane Dora lan Sembada sing mati sampyuh amarga rebutan bener. Kapindho, menggalih ake katentreman lan kaslametane kawula Medang Kamolan saka ancamane baya putih. Katelune, wewayangane si Rara Cangkek tansah manjing jroning pangimpene, nanging mokal bisa ketemu amarga wis ora ngerti dhodhok selehe. Yen si ula raseksa wis ora dipenggalih, paling ya wis mati ana njero lemah utawa mati kalah mungsuh baya putih sing sakti.           Nanging ora kanyana-nyana babar pisan lagi wae anggone ngudarasa kahanan ing Medang Kamolan , ujug-ujug dikagetake tekane ula raseksa sing wis ana ing ngarepe Sang Aji Saka tanpa dingreteni dening prajurit karo njengongokake endhase pratandha atur kurmat marang Sang Aji Saka.        “Nuwun sewu Bapa! Kula kapeksa telat saha mboten ngaturi priksa langkung rumiyin”.      ...

Legenda BLEDUG KUWU

Image
      Ing sakiwa tengene omahe Kaki Grenteng langit katon padhang sumilak, hawane seger. Manuk-manuk padha ngoceh sesautan. Kahanan sing maune kagubel dening rasa kaweden, saiki wis owah dadi tentrem sapungkure tekane Aji Saka. Pitik jago sing maune dikurungi cedhak karo lumbung pari, anehe isa ngendhog kaya pitik babon. Nanging wujud endhoge aneh, rada bunder tur luwih gedhe katandhingake karo endhog pitik lumrah. Sabanjure endhog mau didhelikake dening Rara Cangkek ana sangisore tumpukan pari ing lumbunge. Yen katandhingake karo pitik kampong lumrahe, mesthine endhog mau wis wayah netes, amarga wektune wis 21 dina luwih. Ewasemono durung ana tandha-tandha endhog mau arep netes apa bosok katindhihan tumpukan pari. Mung anehe pari sing bola-bali dijupuk kanggo kabutuhan mangan saben dinane sajak ora katon suda utawa kalong. Suwe-suwe Nyai Grenteng duwe rasa cubriya banjur njaluk tulung marang Kaki Grenteng supaya mbongkar tumpukan pari sing ana lumbung. Rikal...

Crita Asal-usule Desa Gabus Pati

Image
Asal-Usule Desa Gabus               Rumiyin kala, sakderengipun kawastanan desa Gabus, wonten saktunggaling penggedhe desa,asmanipun Kyai Tunggul Pawenang.Kyai Tunggul Pawenang kagungan putri ingkang sulistyaning warni asma Rara Nawangsih.Kasulistyanipun sampun kawentar dumugi desa-desa sakiwa tengenipun. Awit saking punika kathah para taruna ingkang kesengsem kaliyan Rara Nawangsih.Salah satunggalipun inggih punika Joko Wahyu, putranipun Kyai Rujak Beling saking desa Katan Lor.        Awit saking panyuwun putranipun, Kyai Rujak Beling sowan wonten dalemipun Kyai Tunggul Pawenang sakperlu nglamar Rara Nawangsih.Kyai Tunggul Pawenang dangu, ”Nduk, iki sliramu dikersakake Kyai Rujak Beling krama karo putrane kang aran Joko Wahyu. Apa sliramu sarujuk?” Rara  Nawangsih katingal ribeting penggalih, awit dereng nate mangertosi Joko Wahyu, taruna ingkang dipunkersakaken ingkang Rama. Ananging saking bektinipun, Rara Na...

Adat Sedekah Bumi Desa Tambahmulyo Gabus

Image
Sedekah Bumi Desa Tambahmulyo Assalamualaikum Wr.Wb. Ingkang kanurmatan Bapak Tejo Susiratmoko ingkang pengampu mata pelajaran Bahasa Jawa saha para kanca kelas 9B ingkang kula tresnani. Adicara sedekah bumi ing desa kula dipangeteni tanggal 11 september 2015 utawi tanggal jawanipun 28 Syawal utawi dinten sepasaran Ahad Wage. Lan tanggal 17 September 2015 utawi tanggal 3 Apit yakuwi dinten kamis Wage. Ing tanggal 11 september 2015 jam 10.00 wonten kondangan utawi syukuran ing punden-punden. Siangipun wonten acara wayang kulit saking Bapak Murso ingkang di panggenaken wonten ing tambak utawi ngajeng dalemipun Bapak Salimin RT 01/RW 01.wayang kulit niku wau dilaksanakaken sedinten sedalu. Lan uga ing tanggal 17September 2015 dinten Kamis Wage wonten acara ketoprak “Cahyo Mardiko”. Ketoprak niku wau dipanggenaken wonten ing dalemipun Bapak sarimin Rt 03/Rw 01 sedinten sedalu ingkang nyeritakake lakon ingkang sae lan wigatos sanget.Katah tiyang-tiyang ingkang ningali ketop...

Mulabukane Dhukuh POPOH Desa Sugihrejo

Image
Asal-Usulipun Dhukuh Popoh (Desa Sugihrejo) Asal-usulipun desa Sugihrejo dipunwiwiti saking cecongkrahane danyang Gabus kalian danyang Popoh. Ndek jaman mbiyen wonten bocah angen saking Gabus lan saking Popoh niku padha cecongkrahan antawisipun wonten retag. cecongkrahan niku dipunpicu masalah salah paham. Bocah menika padha pupoh-pupohan (cecongkrahan), mila dipunnamiake dukuh “Popoh”. Cecongkrahan menika ngantos dangu. Kathah warga ingkang pejah, amergi padha cecongkrahan. Salah satunggiling inggih menika mbah Guder. Mbah Guder seda amergi dipuntusuk kalian gaman (keris). Lajeng reteg ing Popoh niku dipunnameni retag ”guder”. Gaman niku dipunasta wonten singgahan. Sakmenika gamane dislametake wonten singgahan, mila danyang singgahan niku dipunnameni mbah slamet. Gaman ingkang dipunasta dipunsimpen wonten dalemipun mbah Slamet, panggen dalemipun mbah slamet inggih menika panggen singgah akhiripun dipunparingi asma dukuh “Pasinggahan”. Griya punika dipundamel saking deli...

Ritual Sedekah Bumi Desa Kuryokalangan Gabus

Image
Sedekah Bumi ing Desa Kuryokalangan Assalamulaikum.WR.WB Adicara Sedekah Bumi ing desa Kuryokalangan dilaksanakan dina sabtu wage tanggal 22 syawal yen tanggal nasionale 8 agustus 2015. Sedekah Bumi ing dessa kuyokalangan diadaake katah acaranipun, inggih punika: Manganan ,  yaiku tradisi mangan bereng ing punden karo warga kuryokalangan ing punden. Tradisi kuwi diadaake kanggo ngenang para leluhur lan nambah rapet keakrabane. Dangdut ,  Diadaake sedina sakdurunge ana kethoprak. Dangdut diadaake kanggo halal bi halal warga Desa Kuryokalangan. Kethoprak , Merga ing Desa Kuryokalangan wonten kaleh dukuh, kethoprak diadaake saben dukuh  ing desa Kuryokalangan. Kethoprak diadaake kanggo rasa syukur dening Gusti Allah kerana hasil bumi sung melimpah. Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbok bilih wonten lepatipun atur kawula, kula nyuwun agunging samodra pangkasani. Wassalamualaikum  wr.wb Ujian Praktik 2016 (9B-03) Nama  : ...

Crita Babagan Desa Gabus

Image
Asal-Usul Desa Gabus Ing jaman biyen,wonten peperangan antara kadipaten Carangsoko kaliyan kadipaten Paranggaruda,nalika wau wonten salah sijining pasukan kang ngelak lan ajeng nyuwun ngaso. Pasukan niku wau lungguhy ing ngisore wit klopo. Teng ngisor wit klopo wau wonten tiyang kang sampun sepuh. Ora nyuwun amit nuwun sewu, pasukan mau malah tumindak kurang ajar kaliyan tiyang sepuh, nalika ajeng mundhut klopo. Tiyang sepuh niku wau ngomong ning njero batin "Nek klopo kuwi dibelah, bakal akeh iwak gabus ning njerone". Tiyang sepuh kang mbatin wau ninggalake para pasukan. Pasuka niku wau langsung mbelah klopo. Bareng klopo iku wau dibelah, ora ana toyane, malah kathah iwak gabuse Nalika iku prajurite ngendikan "Nek ono reja rejane jaman panggonan iki tak jenengake Desa Gabus. Sumberipun : sesepuh Desa Gabus Ujian Praktik 2016 (9C-gbs)

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Image
Asal-usul Desa Sugihrejo Sadurunge desa sugihrejo digawe wonten sekawan yaiku dukuh popoh, kinjeng, singghan, lan pakis. Pas iku onten pertempuran antarane dukuh popoh lan desa gabus ing pertempuran iku gunakake keris. ing petempuran onten masalah cilik yakuwi salah paham lan salah sijine wong dipupoh. Akeh wong seng mati,salah sijine mbah guder. Jasad mbah guder dimakamke ing sekitar retek,sehingga ngasi saiki diparingi asma retek guder. Perkara jerik payah mbah guder ngasi saiki diparingi asma dukuh popoh. Seteruse keris sing digunakke ing pertempuran iku disinggahke ing omah mbah slamet. Mbah slamet iku wong wadon sing dianggep sesepuh paling apek. Nganti saiki keris iku teseh lan makam mbah slamet dimakamke ing omahe. Saingga akhire disebut dukoh pasinggahan. Ing perjalanan bali, sekelompok wong sing ngembunyekke keris dihadang wong elek. Wong iku gunakake cemeti. Omah pas iku digawe soko pring,sehingga wong sing ono ing jero omah nginjen.seingga ngasi saiki disebut duku...

Crita Legenda Asal-usule Desa Tanjunganom

Image
Asal-usule Desa Tanjunganom Ing jaman samono wonten keraton kang ageng, keraton niku wau duweni  Ratu wadon kang rupane ayu. Keraton iku manggen ing tengah desa. Amarga duweni Ratu kang ayu dadi ne katah para pemuda kang kasmaran kaleh Ratu kang asmane Dhara Wati. Sanadyan Ratu Dhara Wati sampun sepuh, Dara Wati iseh ketingal enom. Ing salah setunggale dinten Dhara Wati nandur wit ing keratone, saben dina ne Dhara wati nyirami wit niku wau. Sak wise berpuluhan tahun wit kang di tandur Dhara Wati dadi wit kang ageng. Ing salah sijine dinten keraton niku wau wonten udan kang deres lan ora mandek-mandek, amarga kuwi kabeh lemah ora ketok utowo bahasane sakniki banjir. Nanging keratone Dhara Wati ora keno banjir,amarga kedadian niku Dhara Wati melas kaleh desa kang keno banjir. Banjur Dhara Wati negor wit kang di tandur ing Keratone, kangge ngilangke banyu banjir. Amarga banjir ilang Dhara Wati njenengi panggona niku dados Desa Tanjunganom, kang artine "Tanjung...

Crita Babagan Sedekah Bumi Ing Desa Gabus

Image
Ujian P raktik B asa J awa Crita B abagan S edekah B umi I ng Desa G abus   C andra A yu V ovianti Kelas 9C / 06 SMP NEGERI 1 GABUS TAHUN PELAJARAN 2015/2016 Sedekah Bumi Wonten Desa Gabus Wonten dhusun gabus punika saben setaun sepisan ing wulan apet dipunwonten sedekah bumi. Sedekah bumi punika budaya ingkang kedah pun dilestarikaken, amargi sedekah bumi kalebet warisan budaya  saking leluhur. Kita ingkang dados generasi enom kedah jagi kalian kelestarikaken nipun mboten dipundut kalian negari sanes. Milanipun, kersanipun budaya kita mboten ical. budaya sedekah nika wonten kalih geh menika sedekah laut kalian sedekah bumi. Sedekah laut geh menika doa utawi bersyukur kalih allah SWT ingkang sampun maringi eiseki saking hasil laut kados to ulam, sarem. Menawi sedekah bumi geh menika doa utawi bersyukur kalih Allah SWT ingkang sampun maringi riseki saking hasil bumi kados to hasil tani geh menika wos, palawija.  Ingkang biasanipun in...

Crita Legenda Asalmulane Dhukuh SEDAYU

Image
Asal Mulane Dukuh Sedayu Nalika jaman semono wonten wong kang namine Mpu Supo. Mpu Supo kuwi saged damel gaman opo wae ingkang sakti mandraguna. Mpu Supo didawuhi damel gaman persis utawa sami gamane Kemaduan. Lan wonten ingkang namine Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo kuwi gadah gaman ingkang sakti, sing damel Mpu Gandreng. Gaman ingkang damele Mpu gandreng kuwi saged kangge ing segoro kang ombo lan gede mboten nganti kelep. Mpu Supo pengen damel gaman ingkang podo lan sakti kembar gamane Yuyu Rumpung utawa Adi Pati Minakjinggo. Mpu Supo ggadah niatan ingkang elek yaiku nyileh gaman saking Yuyu Rumpung, terus gaman mau dipalsuke, lan palsuane kuwi sing diwenehke meleh  marang Yuyu Rumpung  utawa Adi Pati Minakjinggo. Yuyu Rumpung utawi Adi Pati Minakjinggo kuwi pengen jajal meleh gamane mau, dijajal kangge nyebrang segoro, nanging Yuyu Rumpung kuwi malahan kelep ing jeroning segoro. Yuyu Rumpung kaget lan ngerti ...

Crita Legenda Mulabukane Desa Sunggingwarno

Image
Asal-Usul Desa Sunggingwarno Ing nalika semono, wonten wana  saha semak-semak belukar ingkang dereng wonten ingkang nganggeni saha ingkang dharbeni. Ing wedal semonten, wonten kaneman ingkang nami Joko Sungging Hadi Warno. Kaneman menika kepingin dhamel dusun, pramila wana saha semak belukar menika dipun tebangi saha dipun resiki. Pakaryanipun kaneman menika dipun biyantu kaliyan Ki Rodiko. Kanthi ridhonipun Gusti ingkang Maha Agung semak belukar kalawau saget resik saha saget dipun panggeni.Joko Sungging Hadi Warno angajak pawongan dhamel pondok teng priku. Sak perangan laladah priku dipun paringaten kalian Ki Rodiko. Pramila laladah ingkang dipun panggeni Joko Sungging Hadi Warno dipun paring nami dusun Sunggingwarno.   Nami dusun niku dipun pundut saking nami ingjang ambabati laladah menika Joko Sungging Hadi Warno. Pramila Joko Sungging Hadi Warno ingkang dados mula-mula nipun utawi cikal bakal dusun Sunggingwarno. Lan sak perangan laladah ingkang dipun pa...

Crita Legenda Larah-larahe Desa Sunggingwarno Gabus

Image
Asal-Usul Desa Sunggingwarno Nalika jaman rumiyen, nalika alas gratan dereng wonten tiyang katah. Teng mriko wonten bocah Joko.Bocah Joko niku Asmane Joko Singging.Joko Sungging menika manggon teng alas sing griyane sederhana. Joko Sungging punika watakipun bijaksana. Saben dinten enjing ngantos sonten Joko Sungging tansah sregep teng saben kangge nyekapi kebutuhanipun. Mboten kraos mpun 10 taun.Joko Sungging dados petani. Nalika enjing Joko Sungging menika ajeng tindak pados gawean ing Jepara. Joko Sungging mlampah ngantos dumugi Jepara. Sawise dugi,Joko Sungging angsal pendamelan ngukir. Pancen Joko Sungging nalika alit senengane ngukir kaliyan nggambar. Teng Jepara Joko Sungging nyambut damele temen sanget. Mpun pirang-pirang taun Joko Sungging kerjo ngukir teng Jepara. Joko Sungging badhe wangsul menyang desane. Terus Joko Sungging ngantos mlampah dumugi griyane. Perjalananipun Joko Sungging sakira Jepara dumugi griyane ngantos sedinten amargi jawoh. Teng griya,enjin...