Spesial Klepon Abad 21 Mlebet Hotel Bintang Lima
Ing jaman modern samenika jajanan
tradisional asring kagiles dening tetedhan “cepat saji”, ingkang kandhutan
bahanipun kepara damel bebaya kanggenipun badan. Klepon kalebet satunggaling
tetedhan tradisional. Klepon awujud jajanan bunder-bunder alit kirang langkung
sajempol, warninipun ijem sepuh lan ing lebetipun dipuniseni gendhis abrit
(Jawi). Ingkang limrahipun mawi kawadhahan sudhi.
Caranipun damel klepon ugi gampil
sanget. Bahan-bahannipun ingkang limrah kadosta: (1) glepung wos ketan, (2)
glepung jagung, (3) glepung wos biasa, (4) gendhis abrit (jawi), (5) sarem, (6)
parudan klapa, (7) ron pandhan lan apu. Caranipun damel ingkang sapisan:
glepung-glepung wau sadaya dipundadosaken satunggal, lajeng dipunsukani toya
ingkang warni ijem (toya pandan ingkang sampun apu sakedhik supados warnipun
saged ijem). Adonan wau lajeng dipunwangun bunder-bunder alit kirang langkung
sajempol lan ing lebetipun dipunsukani gendhis abrit sacekapipun. Sasampunipun
mekaten lajeng dipungodhog, dipuntengga ngantos kumambang saweg dipuntus.
Salajengipun dipuncarub kaliyan parudan klapa, kawadhahan sudhi.
Katingali saking wujudipun klepon
kenging kangge tetedhan jajanan, nanging bilih ngemuti bahanipun ing jaman
rumiyen asring kangge tetedhan gantosipun sekul. Ing jaman modern wekdal
samenika sampun awis (langka) malih tiyang ingkang kersa nguri-uri kabudayan
piyambak.
Pak Ripto salah setunggalipun
piyantun ingkang taksih nguri-uri jajanen Klepon. Sinaosa yuswanipun sampun sepuh, rikmanipun pethak, saha wajanipun ompong Pak Ripto taksih ketingal sehat. Ingkang langkung
onjo (unggul), Pak Ripto saged damel klepon jajanan tradisional dados tetedhan
modern. Kleponipun Pak Ripto saged awujud aneka rasa kanthi kemasan ing
warna-warni. Kleponipun ugi dipun pasaraken kanthi media online, kanthi
internet, tivi saha radio. Kleponipun ugi dipun pajang wonten toko jajanan
“khusus” dipun serati “Spesial Klepon abad 21”. Dibantu putra saha karyawanipun
cacah 100, Pak Ripto sampun saged mbikak gangsal cabang ing kitha-kitha ageng,
kepara hotel-hotel bintang lima ugi saged dipun tembusi minangka sajian khusus
kangge para tamu. Omset ingkang saged dipun kasilaken Pak Ripto sewulanipun
kirang langkung 50 yuta.
Pramila boten badhe kasamaran malih bilih
nguri-nguri kabudayan menika menawi dipun udi kanthi saestu migunakaken
cara-cara ingkang langkung modern saged ngasilaken bathi ingkang kathah. Kathah
tetedhan jajanan tradisional sanesipun ingkang sampun “mendunia” saha tansah
dipun udi dening para turis, kadosta: srabi, grontol, lsp. Kadospundi
panjenengan? Saged nyobi… ngiras-ngirus pados rejeki kanthi nguri-uri
kabudayanipun piyambak. Awit bilih sadaya cures, kepara malah ical saged dipun
aken-aken minangka kabudayan bangsa manca, kados dene reog, wayang….lsp, Nuwun.
(Mbah Rip, 2013)
Comments
Post a Comment