Okulasi JERUK PECEL (Wacan Prosedur)
Saperangan gedhe woh-wohan kalebu jeruk pecel bisa ditangkarake kanthi
cara vegetatif. Vegetatif tegese mbabarake tanduran kanthi nyempal perangane
tanduran urip, upamane cangkok, stek, okulasi lan liya-liyane. Dene yen
nangkarake nggunakake wiji (isi) diarani
generatif.
Okulasi satemene
luwih gambang lan anggone nindakake pakaryan bisa lumintu, tur gunggunge wohe
akeh. Sadurunge nindakake okulasi luwih dhisik kudu ana wit sing arep diokulasi
(zailing /wit bagian ngisor). Zailing ditandur ing gulutan ambane 1-1,5 meter,
dawane 10 meter mujur ngalor ngidul. Isi
jeruk kanggo zailing sadurunge ditandur dicelupake ing pestisida sing
dilarutake supaya ora kaganggu ama.
Sawise umur 21-30
dina isi jeruk wis thukul, banjur diiyup-iyupi nam-naman blarak. Tanduran perlu
disemprot nganggo pestisida sepisan utawa kaping pindho seminggune lan dirabuk
sacukupe.
Seminggu sadurunge
zailing diokulasi, tanduran kudu dilebi lan dirabuk supaya kulite gampang
nglothok lan gampang anggone nemplek (okulasi). Mata sing dienggo okulasi kudu
saka wit kang umure wis 5 tahun, kahanane becik. Dene piranti kanggo okulasi,
peso okulasi lan plastik kanggo naleni mata kang mentas ditempelake.
(Panyebar Semangat)

Comments
Post a Comment