Legenda Dumadine KESANGA
Sang Raja ing Medang Kamolan sajak
katon susah. Sepisan, menggalhake kancane Dora lan Sembada sing mati sampyuh
amarga rebutan bener. Kapindho, menggalih ake katentreman lan kaslametane
kawula Medang Kamolan saka ancamane baya putih. Katelune, wewayangane si Rara
Cangkek tansah manjing jroning pangimpene, nanging mokal bisa ketemu amarga wis
ora ngerti dhodhok selehe. Yen si ula raseksa wis ora dipenggalih, paling ya
wis mati ana njero lemah utawa mati kalah mungsuh baya putih sing sakti.
Nanging ora kanyana-nyana babar pisan lagi
wae anggone ngudarasa kahanan ing Medang Kamolan , ujug-ujug dikagetake tekane
ula raseksa sing wis ana ing ngarepe Sang Aji Saka tanpa dingreteni dening
prajurit karo njengongokake endhase pratandha atur kurmat marang Sang Aji Saka.
“Nuwun sewu Bapa! Kula kapeksa telat saha
mboten ngaturi priksa langkung rumiyin”.
“Ora dadi ngapa, entuk asil apa ora
pakaryan sing Dakdhawuhake kok nganti suwe temen?”.
“Pangestunipun Bapa, kula angsal
damel mejahi baya putih sinaosa kula
linglung. Menika endhasipun baya putih”.
“Ya…ya…aku ora bakal nyelaki janji,
kowe dakakoni anaku lan dak jenengke Jaka Linglung. Lan panggonanmu ing Kebon
Raja awor kewan-kewan liyane, saiki uga enggal mangkata!”.
“Sendika Bapa, kula bidhal samenika,
sedaya dhawuhipun Bapa kula estokaken”.
Satekane ing kebon Raja, Jaka Linglung katon seneng jalaran akeh kancane
lan diwenehi pangan kang cukup. Nanging lagi etungan dina Jaka Linglung wis ora
kopen amarga kwalahan menehi pangan. Nuju sawijining dina kewan-kewan sing
cedhak karo kandhange dipangani jalaran saka ngelihe. Suwe-suwe kewan sing ana
Kebon Raja meh entek dipangan kalebu kewan klangenane sang Raja uga wis
dipangan. Sang Aji Saka pirsa terus duka entek ngamek kurang golek. Jaka
linglung banjur ditundhung lunga saka Kebon Raja tumuju alas Klampis. Ora kena
mangan apa wae yan panganan mau ora teka dhewe. Jaka Linglung nyendikani kabeh
dhawuhe Aji saka, jalaran ngrumangsani yen dheweke salah. Satekane alas Klampis
Jaka Linglung gawe jebakan saka awake dhewe sing gedhene ora lumrah mau, supaya
panganan teka dhewe menyang cangkeme. Sabanjure endhase didhelikake ing
gegrumbulan lan cangkeme diangapake kaya memper guwa. Nuju sawijining dina ana
bocah 10 sing lagi angon kewane. Dumadakan ana udan deres lan angin gedhe.
Bocah 10 padha bingung golek panggonan kanggo ngiyup. Salah sijine bocah mlebu
guwa. Kanca-kancane padha mlayu melu mlebu guwa. Ana bocah siji sing keri arep
melu mlebu guwa, nanging karo kanca-kancane disikang-sikang ora entuk melu,
amarga bocah mau duwe lara gatel sakujur awake lan mambu amis wedi yen padha
ketularan. Kamangka ing njero cangkem ula sing dianggep guwa mau isih longgar.
Gandheng ora entuk awor kancane, bocah sing kudhisen mau banjur mlayu ngiyup
sangisor wit kang godhonge ketel. Bareng udan wis terang bocah sing kudhisen
mau lingak-linguk nggoleki kanca-kancane, nanging ora ana kumliwer. Bocah mau
banjur nyedhaki guwa sing kanggo ngiyup kanca-kancane. Saiba kagete, bareng
weruh sing dianggep guwa mau jebule cangkeme jaka Linglung. Buktine ing kono
ana endhas ula raseksa lan getih dleweran ing cangkeme. Ateges kancane bocah 9
mau ya wis diuntal Jaka Linglung. Kadadeyan kang gawe horege desa mau banjur
dilapurake ana ngarsane Sang Aji saka. Sang Aji Saka durung bisa mutusi.
Suwe-suwe aji Saka kagungan penggalih, sing bisa menehi ukuman utawa pidana ora
liya ya kulawargane Kyai Grenteng. Kyai Grenteng lan kulawargane ditimbali lan
didhawuhi menehi pidana marang Jaka Linglung. Kyai Grenteng lan kulawargane
nyaguhi terus dilakoni. Cangkeme Jaka Linglung dicengkal cangkeme nganggo kayu
karoben ora isa mingkem. Gulu tekan buntut dipantek nganggo pring sing
dilincipi nganti ora isa obah babar pisan. Mula kanggo pangeling-eling anak
putu, papan panggonan iku dijenengke “Kesaga”.
Comments
Post a Comment