Legenda BLEDUG KUWU
Ing sakiwa
tengene omahe Kaki Grenteng langit katon padhang sumilak, hawane seger.
Manuk-manuk padha ngoceh sesautan. Kahanan sing maune kagubel dening rasa
kaweden, saiki wis owah dadi tentrem sapungkure tekane Aji Saka. Pitik jago
sing maune dikurungi cedhak karo lumbung pari, anehe isa ngendhog kaya pitik
babon. Nanging wujud endhoge aneh, rada bunder tur luwih gedhe katandhingake
karo endhog pitik lumrah. Sabanjure endhog mau didhelikake dening Rara Cangkek
ana sangisore tumpukan pari ing lumbunge. Yen katandhingake karo pitik kampong
lumrahe, mesthine endhog mau wis wayah netes, amarga wektune wis 21 dina luwih.
Ewasemono durung ana tandha-tandha endhog mau arep netes apa bosok katindhihan
tumpukan pari. Mung anehe pari sing bola-bali dijupuk kanggo kabutuhan mangan
saben dinane sajak ora katon suda utawa kalong. Suwe-suwe Nyai Grenteng duwe
rasa cubriya banjur njaluk tulung marang Kaki Grenteng supaya mbongkar tumpukan
pari sing ana lumbung. Rikala pari sing ana ing lumbung dibongkar meh entek, ana
kadadean sing aneh. Pari tumpukan mau obah-obah. Kaki Grenteng sanalika mandheg
anggone mbongkar pari sajak keweden meruhi kahanan kaya ngono mau. Kaki
Grenteng awake tambah gemeter bareng nyumurupi sing obah-obah iku wujud endhas ula sing gedhene ura ukur
bisa ngomong kaya manungsa.
“Kaki!
Aku ora ngganggu gawe Kaki, aja wedi, tulung aku temokna karo bu Rara Cangkek Kaki.”
Kaki Grenteng krungu swara ula sing gedhene ora umum mau
awake dadi gemeter kringete dleweran,
sajak karo nyaguhi panjaluke ula mau. Bareng Nyai Grenteng lan rara
Cangkek weruh kahanan kaya ngono mau sanalika mbengok “Kaki…!, banjur padha
semaput. Kaki Grenteng jejere wong lanang atine ditatag-tatagake Nyai Grenteng
lan Rara Cangkek dirumat nganti sadhar. Rara Cangkek bareng wis sadhar sajak
ngalamun ngingeti ula mau eling karo Aji Saka amarga ana tandha-tandha ing
pipine.

“Ibu
aja ngalamun, aku wis ngerti penggalihe ibu kang tansah ngawatirake kaslametane
Bapak Aji Saka. Aku ora bakal tumindak apa wae yen ora entuk palilah saka Bapak
Aji Saka. Ibu…, tuduhna ana ngendi Bapaku saiki!”
“Sardula…!
Yen mengkono kekarepanmu enggal mangkata saiki uga tumuju Medang Kamolan,
Panjenengane saiki dadi raja ing kana peparab Prabu Aji Saka.”
“Maturnuwun
ibu, aku dak mangkat saiki, nyuwun pangestu lan uga marang Kaki lan Nyai nyuwun
pamit.”
Si ula raseksa mau age-age mangkat tumuju menyang Kraton
Medang Kamolan. Amarga gedhene ula mau lakune nganti ngebrukake wit-witan kang
keliwatan. Wong-wong sing meruhi padha mlayu nobrah nakur sakarepe dhewe,
nganti ana sing kejegur jurang, ana uga sing kejegur kali.
Satekane ngarep Kraton Medang Kamolan
si ula raseksa iku mandheg sauntara,
jalaran akeh prajurit kang padha siyaga njaga katentremane Kraton Medang
Kamolan. Para prajurit kang padha
meruhi, praupane pucet, awake lemes lan gemeter. Prasasat awake diobahake ora
isa, arep kumecap uga ora isa. Luwih-luwih bareng ula raseksa iku ngomong:
“E wong-wong Medang Kamolan…!, kowe aja
ngganggu gawe aku yen kepingin slamet. Ngretenana aku iki putra Sang Prabu
ajisaka, sing asalku saka desa Cangkek. Mula saka iku tulung aturna karo Bapaku
Sang Prabu yen aku arep ngadhep… .”
Para prajurit krungu omongane si ula
raseksa iku mung padha pandeng-pandengan lan blangkemen ora isa ngomong. Jrone
batin tuwuh pitakon lan rasa nggumun yen rajane kagungan putra ula sing gedhene
ngudubilahi. Dene prajurit liyane wis ana sing nadhep Sang Raja, matur yen ana ula
raseksa sing arep ngadhep. Sapungkure ula raseksa iku diadhepake, sanalika Sang
raja ndangu marang ula raseksa iku.
“E ula raseksa…!. Sapa sejatine kowe kuwi
, lan duwe karep apa kumawani teka mrene ?.
“Nuwun sewu Bapa kula Prabu Ajisaka…!.
Sinaosa wujud kula sawer, nanging kula leres-leres putra paduka…, Sang Prabu.
Sowan kula ing Kraton Medang Kamolan dipun utus Ibu Rara Cangkek.”
Prabu Aji Saka midhanget ature si ula
raseksa iku, ludirane umep, jajane mengkap-mengkap kaya kesamber bledhek.
Nanging bareng midhanget tembung Rara Cangkek, penggalihe dilerem-leremake karo
ngendika:
“Kowe dakakoni anaku yen kowe isa mateni
mungsuhku kang awujud baya putih kang mapan ing Segara Kidul. Lan balimu nyang
Medang Kamolan ora kena liwat ndharat, nanging kudu liwat njero lemah. Yen ora
kasil kawula Medang Kamolan bakal mateni kowe. Sanggup…?”
“Sagah
Bapa…!Wekdal menika ugi kula bidhal nyuwun pamit saha nyuwun pangestu.”
Karo njengongokake ndhase kaya wong nyembah alon-alon
ninggalake Sang Prabu Aji Saka. Metu saka gapura Medang Kamolan lakune kaya
kilat plas... wis ora katon diingeti tumuju Segara Kidul. Satekane ing Segara
Kidul, weruh baya putih sing lagi manasake awake ing pinggiring segara si ula
raseksa iku ora sranta banjur nyerang baya putih. Temahan si baya putih kalah
lan tumekeng pati. Endhasi diuntal dienggo tandha bukti ngadhep Sang Aji Saka
yen dheweke wis ngalahake si baya putih.
Lakune si ula raseksa saka Segara Kidul menyang Medang Kamolan
jumbuh karo dhawuhe Aji Saka, yaiku liwat njero lemah utawa bumi. Lakune wis
sawetara suwe kepingin ngerti hawa padhang banjur njedhul saka njero bumi.
Manut crita masarakat ing kono, njedhule ula raseksa kapisan ing desa Jono, Kecamatan Tawangharjo Kabupaten
Grobogan. Sajak lakune isih adoh si ula raseksa iku banjur mlebu maneh ing
njero lemah ngetan parane. Saka suwene anggone mlaku ing njero lemah saya suwe
saya kentekan tenaga. Tenagane diklumpukake kanggo ngangkat awake sing gedhe
iku saka njero lemah. Papan panggonan njedhule ula raseksa sing kapindho iki
sing dikenal Bledhug sing ana ing desa
Kuwu, Kecamatan Kradenan. Amarga saka adohe lakune tumuju Medang
kamolan saya suwe saya kentekan tenaga
banjur dadi lumpuh. Sasuwene ana ing papan kono, ana keanehan sing ora lumrah.
Ula sing gedhene ora umum iku suwe-suwe dadi cilik lan njilma dadi bocah cilik
sing lumpuh. Ndilalah ana dhukun bayi sing lagi liwat, ngerti ana bocah cilik
sing wis ora duwe daya banjur dipijet lan diurut nganti awake pulih dadi kiyeng
kaya mingi uni. Bocah mau ditakoni dhukun bayi, dheweke mangsuli jenenge Lenglung.
Sapungkure pamitan karo mbah dhukun, dheweke noleh bolongan sing
dienggo metu saka njero lemah. Teka sacedhake bolongan mau, keanehan alam
dumadi maneh. Ujug-ujug bocah cilik mau malih dadi ula raseksa kaya maune.
Sabanjure raseksa mau mlebu bolongan sing ana ngarepe kanggo nerusake lakune
tumuju Medang Kamolan. Bolongan tipak mlebune Jaka Linglung ora suwe pulih maneh kebak isi bledhu sing dikantheni
suwara Bledhug…..bledhug…..ngono
terus nganti saiki.
Comments
Post a Comment