Film DORAEMON Kasenenganku
Jenengku Desi Fitri Ani , aku biasane diundang Desi . Kula lahir ing Pati tanggal 25 Desember
2000. Sak niki umurku 15 tahun. Kula gadah mbakyu asmanipun Eka Sudar Wati . Asmane bapak kulo Yitno lan asmane ibuk kulo Sarni.
wektu kula isih cilik kula seneng nonton film Doraemon lan kula wektu cilik seneng
dolanan masak masak.an lan
dolanan boneka. Wiwit cilik kula lan mbakyuku kerep tukaran,
amargi hal-hal sing
biasa, misale rebutan jajan. wektu umurku 6 tahun kula sekolah TK
besar ing TK “MASITHOH” Gabus Sanding mahjid. Ing TK ku akeh banget jenis dalanane
misale, bandulan, jongkat-jongkit, selurutan, lan liya-liyane. Nanging aku
seneng banget dolanan Selurutan.
Wektu kula ing TK niku wonten guru ingkang kula trisnani yaiku. Guru nyanyi lan gambar. Bu Tutik tau maringi kula kado waktu kula ulang tahun,
isinipun kado iku yaiku peralatan
tulis . Ndekmbiyen yen kula durung di
jemput, kula dintosi bude kula lan dulur kula ngantos kula dipapak Utawa kulo mlaku kaleh konco konco. Sakwise kula lulus TK, kula sekolah ing SDN
01 Gabus.
Wektu kula kelas 1 kula wedi marang guru
sing pol galak ngantos apian sing asmane Pak
Matius Suwegnyo sing biasane diundang “Pak Weg”, amarga Pak Wig sing gadah
kumis kang medeni aku. Wektu kula sekolah ing SDN
01 Gabus akeh banget kedadean sing gak tak duga misale, pas kelas 6 awal semester
ing sekolahan dianakno pemilihan lomba Karawitan, kula kepilih. Wektu niku kula latihan terus nganti arep lomba. Wektu lomba kulo
kantos grogi lan wdi nek mboten kantos piala. Kulo lan rencang rencang kulo
ngenteni woro-woro lan dungokake sing menang sinten.bar wonten ono woro woro
kelompok kulo angsal juara kalih .Wektu kula kelas 6 bulan Mei kula Ujian Sekolah, sak durunge Ujian Sekolah wonten tes sing jenenge Tryout. Pas wektune Tryout lan Ujian Sekolah rasane atiku
deg-degan soale iku ujian pertamaku lan ujian niku sing nentoake kula lulus utawi mboten. Sakwise wonten Ujian Sekolah, ing sekolahanku dianakke perpisahan sekolah. Kula lan rencang-rencang kula latihan kangge pentas perpisahan. Rencang-rencang kulo ngadak ake derama “TIMUN EMAS “ lan di iringi
karawitan .Puji syukur wektu pentas perpisahan niku lancer mboten wonten
nopo-nopo.
Sakwise
niku kula daftar sekolah wonten SMP NEGERI 1 GABUS. Amargi cedak kalihan
dalem kula lan niku sekolah terfavorit. Kula bangga saget ketampi ing sekolahan
niku. Ngantos niki kula kelas sampun kelas 9 lan badhe ujian nasional. Kulo
mung saget dongo mugi mugi lancer lan entk biji sing apik.Nama : Desi Fitri Ani
Kelas : 9E
No.Abs.: 11
Comments
Post a Comment