Crita Mula-bukane Desa TANJUNGANOM

Wekdal
punika, sakderengipun Desa Tanjunganom wonten, madeg kerajaan ingkang asmanipun
kerajaan Darawati, ingkang ratunipun asmane Darawati. Ratu Darawati punika
wanita ingkang ayu sanget, yuswanipun sampun sepuh, ananging Ratu Darawati
taksih awet enom, buktinipun raupanipun Ratu Darawati tetep ayu saha seger.
Satunggalipun
dinten, daerah sekitar kerajaaan Darawati wonten banjir ingkang ageng sanget.
Daerah kalawau badhe roto kaliyan toyo. Daerah kalawau kados segara. Nanging,
wilayah kerajaan Darawati punika wonten ing pinggiripun banjir utawi ing
Semenanjung.
Supados
Ratu Darawati mboten tansah kemutan, lajeng Raru Darawati nanem wit, wit
kalawau saged nyedot toyo banjir, banjur wilayah punika dados daratan ingkang
subur. Ratu Darawati kepengin daratan kalawau dados Desa ingkang makmur. Ratu
Darawati lajeng nimbali para dayang supados dipunajak rerembugan maringi
asma desa punika. Ngertos-ngertos Ratu Darawati emut kaliyan tembung
“Semenanjung” saha amargi Ratu Darawati ingkang taksih enom, saengga Ratu
Darawati maringi asma daerah kalawau “Desa Tanjunganom”.
Nami : Eka Sigit Ramadhan
Kelas : IX-D
NO.Abs : 11
Comments
Post a Comment