Asal-usule Kutha PATI Pesantenan

Ing Pantai Lor Pulo Jawa (Pantura), sekitar Gunung Muria bagian
Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten.
Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten
Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka
kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah
kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.Sawetara iku,
kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka
lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka
nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan. Kacarita, lelorone kadipaten iku
urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane,
penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine. Adipati Paranggaruda
ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane
ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara
pahargyan boja wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang
sing jenenge Sapanyana. Kanggo nglurusake bebana iku Adipati Paranggaruda yaiku
Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung, penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo
nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka
kanthi cara nguasai pusaka piyandele kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut
pinutung lan kuluk kadigoro sing diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi,
salah sijine bagian kadipaten Carangsoka. Pusaka loro kasil kajupuk kanthi
bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak durunge
diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti sala
Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan kuluk
kanigara diaturake Raden Sukmayana. Sanadyan mangkana Yuyurumpung kasil
nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe putra adipati parang
garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan. Nanging ngepasi acara
resepsi nembe kawiwitan, penganten putri ninggalake kursi penganten menyang
panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara
Rayungwulan ora sida dileksanakake. Adipati Yudhapati rumengsa diasorake,
akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya. Kadipaten loro sing
rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan iku, pemimpin
prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan digentani adhike yaiku
Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing nggunakake pusaka
sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten Paranggaruda. Adipati
Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur. Karana jasane Raden
Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat ngganteni Yudhapati
dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi gelar Singasari. Kanggo
ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati R. Kembangjaya mindahake
pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti dadi kadipaten
Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma nduweni putra
jenenge Raden Tambranegara.
Kanggo ngembangake pembangunan lan pemerintahan, Raden
Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan sing sakdurunge ana ing Kemiri
arah ngulon ing desa Kaborongan, jeneng Pesantenan uga diganti dadi Kadipaten
Pati.Kedadeyane saka lamaran bupati Prabala Pati ngalamar putri Parang Garuda. Wektu rombongan pengiring tekan dalan, wayah kewengen tur podo
kesel.Rombongan leren lan keturon,”tangi wes pajar”. Gedandapan rumongso karipan. Rombongan pimpinan mau waskita ngucap, ”sakreja-rejane jamanpanggonan iki iso
di arani koripan”. Saiki di kenal
koripan nggriyo. Banjur rombongan
mbajutke anggone sing mlaku.Wektu iseh isuk ketemu kalih warga sing podho angon
ternak sapi, kebo, wedhus, lsp. Rombongan
mandek banjur kaucap sak reja-rejane jaman desa iki keceluk desa pangonan.
Sakwetara rombongan mlaku marak ngidul, kira-kira
nembe pirang langkah pengiring mau wetwngw kerasa ngelih sebagian podo nyuwun
leren sarapan,sebagian usul neruske melaku. Rombongan
ngadudon kuwi mau pimpinane ngucap ngene. ”yen leren sarapan iki wayahe
wes nanggung ya, mengko mundak
kewengen maneh”. Pemimpin mau
ambegan turu nyabda huuu…” saksekno ya dulur-dulurku kabeh ojo do padudon
wayahe iki wes nanggung dadi sak reja-rejane jaman desa iki kacelok desa
penanggungan. Rombongan tambah akih, melaku
ngidul dugi prapatan. Kabeh
podo bingung arah sing di lewati kudu ngendi, ngulon, ngetan opo ngidul. Opo meneh wayahe srengengene mletek
awan.Gandeng do bingung lan kesel, rombongan
leren amarga ing sebelah kulon akih wit sing kaya wit turi,adem dadekna tambah
ngantuk. Kabeh leyeh-leyeh ing
ngisor wit turi. Kanggo ninggal
tilas pimpinan rombongan nyabda maneh wit
sing di nggo leyeh-leyeh iki koyo wit turi, ning
wit gabus, amarga ning tengahe
wit iki empuk, mangkasak
reja-rejane jaman desa iki kaceluk desa gabus.Lha panggonan kuwi pase ya
prapatan tugu gabus. Bentuk ipun kados
ulam gabus, anangin warga nyebat ulam kuthuk. Mboten wonten ingkang utami
saking jawinipun, kados ulam ulam sanesipun. Hanamung ndasipun ingkang mirip
sawer katimbang ulam. Rumiyin, warganipun masyarakat nyariosaken bilih ulam
kuthuk gesang sesarengan kaliyan sawer toya. Ngantos piyambakipun wastari
dening warga punika sesemahan. Sawer dados garwanipun lan ulam kuthuk punika
semahipun prekawis punika dados kasunyataan, warga ning dhusun mboten wonten
ingkang wantun nyepeng ulam kuthuk punika awit ajrih menawi dipun dhatengi
sawer toya. Sanadyan ulam punika sampun wonten ing klambu jaring, dipun
wangsulaken malih, awit ajrih menawi brayatipun didhatengi kaliyan garwa ulam
inggih punika sawer toya. Langkung sae menawi punika mboten nyepeng ulam
senadyan mboten pikantuk punapa-punapa.
Senadya sampun mengertos,anaging wonten ugi warganipun
masyarakat ingkang nyepeng ulam punika, awit mboten wonten pilihan malih.
wonten sawetawis wekdal, salah satunggaling warga masyarakat punika ingkang
nyepeng ulam kuthuk lan dipun bektawangsul lajeng dipun masak. Senadyan ibu
punika sampun paring pitutur, supados mboten sisah nyepeng ulam kuthuk punika,
ananging bapakipun paring wangsulan mboten punapa, amargi punika sampun dados
tanggel jawabipun tiyang jaler kangge nyekapi kabutuhan ing braya.

Ulam kuthuk kala wau dipun masak, gondho arum saking ulam punika
karaosaken wonten ing sadusun. Warga dusun lajeng nggoleki asal muasal gondho
arum punika. Lajeng pinanggih ing salah satunggaling griya, tiyang ingkang
kagungan griya ngadang warga penduduk ing griyanipun sembari lenggah ing tengah
kori. Salah satunggaling warga penduduk punika nyuwun pirsa, kengeng punapa
griya panjenengan ngedalakengondho ingkang arum? wangsulanipun ingkang kagungan
griya,mboten wonten punapa namung gondho saking lisah zaitun ingkang kula
panggihaken ing sak pinggiripun lepen. Punika lare-lare kula nembe ngangge
lisah punika. Amarga katrangan bapak ingkang kagungan griya, senadyan
piyambakipun punika goroh. Awit garwanipun ingkang kagungan griya punika taksih
was sumelang lan dereng mantep,jalaran mboten ngertos gondho arum ulam kuthuk
dimasak. Semanten ugi ingkang kagungan griya dipun anggep jujur, pramila warga
masyarakat ing dusun punika lajeng sami wangsul lan sami paring pangandikan bilih
piyambakipun punika tiyang ingkang jujur, pramila dipun kupengi dening gondho
ingkang arum.

Sinten ingkang mengertosi, bilih gondo arum ingkang kolo wau
punika sumebar ing dusun, dados gondho ingkang ngedalaken gondho arum kolo wau
warga masyarakat dados kaget awit griya kula wau sepen lan mboten wonten tiyang
ingkang wonten ing jawi griya. Lajeng salah satunggaling warga, kanthi nutup
irungipun mlebet wonten griya punika manggehaken brayat ingkang sampun pejah
lan ical awakipun warga punika ugi manggihaken bekas tlapak sawer ing griya
punika lan ndas ulam kuthuk sami sumebar ing ngandhap meja. Saksampunipun
prekawis ingkang kedadosan ing brayat punika, sedaya warga masyarakat ing dusun
punika sami ajrih. Wekdal jawah dhateng, ing pundi kemawon ulam kuthuk
punika sami medal lan kemambang ing toya, ananging mboten wantun sami mundhut
ulam ipun. Warga penduduk luwih remen nyambut damel sanesipun katimbang mundhut
ulam kuthuk.
Wekdal ingkang kalampahan bena dateng, kathah griya ingkang
kelem amarga bena punika, mekaten ugi sato kewan ugi mboten mangertos
kawontenanipun, mekaten ugi sawer toya lan ulam kuthuk. Kasangsaran soho
malapetaka dhateng ing dhusun punika mboten amung manungso ingkang sangsoro
sato kewan ugi ing dusun ngriku ngeraosaken kadosdene manungso. Kasangsaran
mboten dipun raosaken dining ulam kuthuk ugi sawer toya. Ulam soho sawer kados
kicalan pangemut-emut lan mboten saged sesarengan. senadyan ajrih lan
khawatir ical ulam kuthuk lan sawer toya, warga masyarakat ngeraosaken ajrih
ingkang makaten.kantor ing dusun sebelah ler sesampunipun kedadosan punika
dusun gabus dados dusun ingkang sae ekonominipun soho kegiatan mlampah sae
maleh. Makaten ugi amargi wonten tiyang enggal ing dusun punika ingkang mboten
mangertos ingkang sampun klampahan, piyambakipun namung nindakaken ingkang
dados pendamelanipun kangge nyekapi kabetahan brayat.
Samongso penduduk ingkang enggal kolo wau dateng wonten
lepen, lajeng menggehaken kayu lan karung ingkang kathah ulamipun piyambakipun
lajeng pitaken,kengeng punapa tiyang-tiyang kok mboten sami nyepeng ulam-ulam
punika? Kanthi kaeraman. Tiyang enggal kolo wau mundhut ulam-ulam punika
lajeng dipun asto, lan dipun sade wonten peken. Sak sampunipun dumugi ing
ngriku, piyambakipun kaget awit tiyang-tiyang mboten purun tumbas, amargi ajrih
kathah ugi tiyang ing peken punika sami duka lan peken punika sepen kathah
masyarakat ing dusun punika sami ngamok, ananging tiyang ingkang enggal kolo
wau acuh dhumateng prakawis punika. Piyambakipun lajeng wangsul, lan masak
ulam-ulam punika kaliyan brayatipun.sadinten muput brayat-brayat ing dusun
punika sami kabingungan amargi mboten wonten gondho ingkang arum. Medal saking
griya punika kosokwangsulipun gondho arum mboten medhal temahan dadosaken
kabingungan warga dusun. Wiwit wanci dalu warga dusun mboten wantun sami medhal
saking griyanipun piyambak-piyambak. Tiyang-tiyang sami ngurung wonten ing
griya, ing enjangipun mboten wonten prakawis ingkang kedadosan ing dusun ngriku
kathah tiyang ingkang sami nyuwun pirso. Prakawis punika,amargi tiyang-tiyang
ing dusun punika badhe nyambut damel dereng saget amargi taksih wonten raos
ajrih. Ingkang dados pitakenan saking tiyang-tiyang dusun,kok mboten wonten
punapa-punapa tumprap brayat tiyang enggal engkang sampun masak ulam kuthuk
punika.
Sesampunipun prakawis punika mboten ndhatengaken prakawis ing
pangesanganipun, warga dusun lajeng sami medal lan nyambut damel kados ing
sadintenipun. Anangin, kathah ugi tiyang-tiyang ingkang taksih ngendem
pitakonan, punapa tiyang niku kagungan ilmu kanuragan?
Kawit prakawis punika sampun mboten bab ingkang damel ajrih soho
kesrakatan ing dusun punika,warga dusun mboten malih ajrih dhumateng ulam
kuthuk ngantos samangke,kathah tiyang ing dusun punika sami dhahar ulam kuthuk
ananging ugi kathah tiyang kanthi kapitadhosanipun dereng lan mboten dhahar
ulam kuthuk.
Makaten menggah asal usulipun dusun gabus, mugi ndadosaken penggaleh.
Makaten menggah asal usulipun dusun gabus, mugi ndadosaken penggaleh.
DESI FITRI ANI -9E/11 SMP Negeri 1 Gabus
Comments
Post a Comment