Wayang lan Dhalang

Wayang digawé såkå kulít utåwå kayu síng ditatah,
diukír disunggíng dadi pêpêthan utåwå gêganthaníng manungså.
Jinisé wayang akèh bangêt kayåtå:
- golèk,
- ménak,
- gêdhóg,
- klithík,
- krucíl,
- bèbèr,
- dupara,
- sulúh,
- wayang wóng lan liyå-liyané.
Amargå ånå kréasi lan aprésiasi wayang-wayang mau
ngalami owah-owahan, ånå síng ilang lan ånå síng lêstari têkan saiki.
Wayang mliginé wayang kulít tinêmu såyå apík, éndah
lan èdi. Lumakuning wayang ånå ing pakêliran ora biså pisah karo lakón síng
digêlar. Babagan crita utåwå lakón dadi sumbêr péntas wayang síng cacahé akèh
bangêt. RS Subalidinata ngétung

- Råmå,
- Déwaruci,
-
Bharatayuda,
-
Arjunasasra,
- Lokapala,
-Sri Sadana
lan liya-liyané síng isiné crita roman pêwayangan.
Ånå manèh
buku-buku crita wayang síng luwíh anyar, yakuwi sêrat-sêrat:
- Kandhaníng Ringgít Purwa,
- Purwakandha,
- Paramayoga,
- Puståkå Rajapúrwa,
- Pêdhalangan Ringgít Púrwa,
- Pakêm-pakêm lan liya-liyané síng cacahé akèh bangêt.
Wayang óra biså dipisahaké karo dhalang pêpindhané
babagan loro síng nyawiji.
Pagêlaran biså urip, ngês lan nduwèni råså tinêmu ånå ing parågå dhalang. Victoria M Clara van Groenedael ånå bukuné “Dalang dibalik Wayang” ngandaraké bab dhalang tlêsíh lan komplít. Dhalang mujúdaké parågå síng lêbdå ing kawrúh babagan filsafat, ilmu, ngèlmu, pangawikan, båså lan sastrå. Parågå dhalang biså diarani guru síng wís putús ing laku lan nguwasani sakèhíng ngèlmu kasêpuhan, kalêbu babagan nilai-nilai ètika lan moral. Ånå ing jagad pakêliran dhalang pêrlu lan kudu ngrêti lakón, pakêm, paugêran, åntåwacånå, garap lakón, sanggít lan mumpuni ing babagan sêni péntas, kêrawitan, gêndhíng, sêni rípta, bab humór, ndagêl lan liyå-liyané.

Supåyå dalang têtêp èksís akèh bangêt syarat síng kudu
dicukupi. Sêmangat lan obahíng jaman kudu tansah dijingglêngi. Kêmajuan lan
owah-owahan ing babagan pêmêrintahan, politik, ékonomi, sosial kêmasyarakatan
pêrlu dingrêtèni. Kabèh mau kudu dijingglêngi amargå fungsi wayang ora múng
mligi kanggo komunikasi.
Wayang lan pêwayangan dhalang lan pêdhalangan wís dadi
babagan síng sipaté “multi dimènsi” lan wís nyakup unsúr-unsúr budåyå síng akèh
bangêt. Sêjarah wayang wís lumaku atusan tahún nganti kaya wujudé síng saiki.
Gêgandhèngan karo iku tanggal 21 April 2004 dadi têngêr síng wigati tumrap
jagadíng pêwayangan, amargå Unèsco nêtêpaké wayang minångkå “Mastêrpiece of the
Oral and Intangible Heritage of Humanity”. Wayang déníng Unèsco ditêtêpaké
minångkå “Karya Agúng Budaya Dunia” ånå ing kutha París.
Piagam pêngukuhan kaparíngaké déníng Dirjèn Unèsco
Koichiro Matsuura marang Kêtua Umúm Sénåwangi Drs Solichin. Upåcårå digambaraké
apík lan nyênêngaké amargå ditêkani kurang luwíh 1000 undangan. Koichiro
Matsuura ånå ing tanggap wacånå ngêndikakaké mênåwå wayang nduwèni nilai-nilai
sing agúng lan adi luhúng.
Wayang biså dadi sarånå ndhidhík såpå waé ing babagan
étís lan èstêtís. Akèh bangêt nilai síng sipaté adi, èdi lan éndah ånå ing
jagad pêwayangan. Koichiro Matsuura ugå ngaturaké panuwún marang pårå dhalang,
sêniman lan sêniwati anggóné pådhå nguri-uri lan nglêstarèkaké wayang.
Sawisé tanggap wacånå dhalang Ki Mantêp Sudarsånå
mayang arupa pakêliran padat udåkårå 90 mênít suwéné. Akèh síng pådhå cingak
lan gumún nóntón Ki Mantêp Sudarsånå anggóné mayang. Kêjåbå såkå iku ugå
digêlar paméran wayang síng narík minat lan akèh wargå måncånagårå kêpéngin
nyinau, nliti lan njingglêngi wayang.
Wayang wís malêbu ing tataran global. Wayang wís
mrambah mratah têkan jaban rangkah lan disênêngi wargå måncånagårå. Karånå iku,
ånå momèntum síng apík kanggo nanggapi alam global lumantar wayang.
Wayang minangka “asèt budåyå” síng adi ora múng pêrlu
diuri-uri lan dilêstarèkaké nangíng pêrlu digarap kanthi sistimatik lan holistik.
Ngadhêpi tantangan ing alam global wís wêktuné anggêlar pêmanthêng lan
pêmandêng nggarap pêwayangan lan pêdhalangan.
Wayang lan dhalang prayogå dipapanaké ånå ing kontèks litbang, “pênêlitian dan pêngêmbangan” (research and development).
Wayang lan dhalang prayogå dipapanaké ånå ing kontèks litbang, “pênêlitian dan pêngêmbangan” (research and development).
Situs lan wèb site síng ånå Sénawangi pêrlu ditambah
lan disêmpurnakaké.
Pêmêrintah (Pusat lan Daérah), Kêdutaan, Kónsulat lan Pêrwakilan Pêmêrintah ånå luar nêgêri, Sêkrétariat Pêwayangan Nasional Indonésia (Sénawangi), Pêrsatuan Pêdhalangan Indonésia (Pêpadi), Lêmbaga/ Institut/Sêkolah Tinggi lan Pusat Studi ing babagan sêni, Karatón, pahêman, paguyuban lan sanggar-sanggar, sêniman, sêniwati, masyarakat pêwayangan, dunia usaha, swasta lan liya-liyané pêrlu sinèrgis mbangún pêwayangan lan pêdhalangan.

Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah
Comments
Post a Comment