Wayang kulit
mujudake seni tradhisional Indonesia kang ngrembaka mligine ing tanah Jawa.
Wayang asale saka tembung 'Ma Hyang' kang tegese tumuju marang roh spiritual,
dewa, utawa Gusti Kang Maha Tunggal. Ana uga kang negesi wayang kuwi
ayang-ayang utawa (bayangan=Ind.), jalaran sing nonton uga bisa nonton wayang
saka mburi kelir utawa mung ayang-ayange wae. Paraga kang nglakokake wayang
diarani dhalang kang uga dadi narator dhialog tokoh-tokoh wayang, kanthi
diiringi gamelan kang ditabuh dening nayaga lan tembang yang ditembangake para
pesindhen. Dhalang nglakokake wayang kulit ana ing sawalike kelir, yakuwi layar
kang digawe saka kain putih, dene ing samburine disorotake lampu listrik utawa
lampu minyak (blencong), saengga kang nonton bisa ndeleng ayang-ayang wayang kang
tumiba ing kelir.
Lumrahe
wayang njupuk lakon/crita saka babon naskah Mahabharata lan Ramayana minangka
pakem , nanging dhalang bisa uga nganggo lakon carangan (gubahan=Ind.).
Pagelaran wayang
kulit wis diakui dening PBB kang ngurusi babagan kabudayan yakuwi UNESCO rikala tanggal 7 November 2003, minangka
karya kebudayan kang ngedab-edabi ing bab crita narasi lan warisan luhur kang
endah lan aji ( Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).
Wayang kulit luwih moncer (populer) ing Jawa bageyan tengah lan wetan.
(Kapetik lan kajarwakaken saking Wikipedia
Indonesia)
Comments
Post a Comment