Ujian Praktik 2016 (9C-abp)

ASAL USUL
DUKUH PONDOK

Dek jaman biyen wonten wono kang mboten nate dinggeni kalian manungsa. Wit-witane rapet tur peteng banget. wono kuwi rasane angker lan isine mung kewan-kewan seng liar. Wedalipun semana, wonten kyai.Kyai kuwi sekti mandra guna,ingkang gadah kakarepan mbabat alas menika mau. Kyai punika asmane Kyai sentana. Kyai sentana lelana ing wono kalian garwane.

Wono inkang maune peteng dados padang jenggrang, amargi di babat Kyai sentana. Kyai setana ndamel Pondokan utawa geria wonten ing wono. Lan Kyai sentana ngucap “Yen ana raja-rajane jaman alas iki tak jenakno Dukuh pondok”.

Sawijineng dinten, Kyai sentana nesu kalian Nyi warti (garwanipun kyai Sentana), amargi Nyi warti ngingoni asu. Asu kuwi dijenakno asu bisu, amargi dene yen ketemu manungsa mboten gelem jugok.

Kyai sentana nesu amargi Nyi warti mboten gelem mbuak asu kuwi. Nyi warti minggat menyang bumi katan lan manggon ana ing sawijining sendang. 35 tahunlewat Nyi warti seda lan dimakamke ing sendang kuwi. Makam Nyi warti ilang kependem lemah.

Masyarakat Dukuh Pondok gadah kepercayaan yen gadah pandaleman mantu lan sunatan kuwi kudu ngunjuk toya lan siram sendang iku mau. Kyai sentana seda lan di makamke ana ingkang sak menika dados pemakaman umum Dukuh Pondok. Asu bisu tesih ngantos sak niki. Saben dina Jum`at Pon utawa arep ana wabah penyakit, asu kuwi gubengi Dukuh Pondok. Asu kuwi wernane putih polos. 

AGAM BUDI PRATAMA
IX-C

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA