Ujian Praktik 2016 (9C-23)
Asal-Usul
Desa Tanjunganom
Ing jaman semono wonten keraton kang ageng, keraton niku wau duweni ratu asmane Ratu Darawati kang rupane ayu. Keraton niku manggen ing tengah desa. Amarga duweni ratu kang ayu dadine katah para pemuda kang kasmaran kaleh ratu Darawati.
Senadyan Ratu Darawati sampun sepuh, Ratu Darawati iseh ketingal enom. Ing salah satunggale dinten Ratu Darawati nandur wit ing keraton.Saben dinane Ratu Darawati nyirami wit niku wau. Sak wise puluhan taun, wit kang ditandur Ratu Darawati dadi wit kang ageng.
Ing salah sijine dinten kraton niku wau wonten udan kang deres lan ora mandek-mandek, amarga kuwi banjir. Nanging keraton Darawati ora keno banjir,amarga kedadean iku Ratu Darawati melas kaleh desa kang keno banjir.
Banjur Ratu Darawati negor wit kang ditandur ing keratone, kangge ngilangake banyu banjir. Amarga banjire ilang Ratu Darawati njenengi panggonaniku Deso Tanjunganom, kang artine ”TANJUNG” yakuwi semenanjung lan “ANOM” yakuwi Ratu ne kang iseh ketingal enom. Nanging sakniki Desa Tanjunganom mboten wonten banjir maleh, amarga wis diserep wit ing keratone Ratu Darawati.
NAMI : NUGIE RAKASIWI
KELAS : IX-C
NO ABSEN : 23
Comments
Post a Comment