Ujian Praktik 2016 (9C-13)

Sedhekah Bumi
Ing Bogorame

Sedhekah bumi kuwi ateges maringi utawa menehi marang bumi. Sedhekah bumi minangka wujud puji syukur marang Gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi rezeki ingkang kathah kaliyan kita sedaya. Sedhekah bumi biasane dianakake manut riwayat dadine desa utawa dusun. Contone ing dusune kula Dusun Bogorame, sedhekah bumi dianakake dinten Rebo Wage ing sasi Apit. Ing acara sedhekah bumi biasane nganakake tanggapan ketoprak, wayang kulit utawa pengajian. Ing dusunne kula sak durunge wonten sedhekah bumi, wonten acara-acara ingkang kudu dilaksanakake yakuwi:
  1. Dalu Selasa dianakake pengajian ing ngajeng pundhen utawa ing griyane kepala desa.
  2. Kajatan/kondangan ing pundhen. Biyasane dianakake jam 10.00.
  3. Saksampune  kajatan/kondangan berkat/sekul digunakake kangge uncal-uncalan sekul.

Ing dusunne kula sedhekah bumi wonten tanggapan ketoprak lan dianakake jam 13.00. Ing panggunge biyasane diwenehi sajen kang awujud ketupat, lepet lan pisang niku digunakake awujud simbol supados para pemain rahajeng lan supados mboten wonten kadadean napa-napa. Ing inggil panggung diwenehi pantun aking awujud doa muga-mugi pantune minggah.

Mangkono kuwi urutane acara sedhekah bumi ing desane kula. Mbasi  adicara sedhekah bumi ing saben dusun utawa desa sanes niku awujud puji syukur kaliyan Gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi rezeki ingkang kathah kaliyan kita sedaya. 

Cekap semanten saking kula, mbok menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun kaliyan bapak/ibu guru sedoyo ingkang sampun maringi perhatiane.

Nami : Fitri Nurjanah
Kelas : IX-C
No. Absen : 13

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA