Ujian Praktik 2016 (9A-000)

Cerkak
Lelakonku

Nalika mbiyen Kula isih SD, Kula gadah kanca kang duwe watak apik lan mboten nakal. Lan nalika Kula SD, Kula seneng yen weruh kanca-kanca pada debat. Lan nalika SD Kula gadah kanca kang duwe watak lucu utawi gawe wong guyu, lan saliyane niku kanca Kula wonten kanca kang duwe kapribaden elek utawi seneng misuh-misuh, lan seneng ngelek-elek kancane. Nalika Kula isih SD, Aku seneng banget yen dholanan kaliyan kanca wadon, sebab Aku kaliyan kanca wadon cocok. Yen Kula di dawuhi dholanan kaliyan kanca lanang mboten cocok, sebab Kula mboten nyaman utawi Kula mung digawe kalah-kalahan. 

Lan Kula nalika SD kula seneng yen pelajaran seni budaya utawi nggambar. Saliyane nggambar Kula seneng pelajaran SSD utawi nyanyi. Nalika SD Aku seneng banget yen wektu istirahat, sebab kula lan kanca-kanca saget dholanan lompat tali, tumbas jajan bebarengan, utawi cerita-cerita kang lucu. Yen wektu istirahat sampun rampung kula lan kanca-kanca mlebet ing kelas, nglanjutaken pelajaran. Yen wektu sekolah sampun rampun Kula lan kanca-kanca bali utawi mulih bebarengan. Yen sampun tekan ing dalem, Kula langsung ganti utawi salin baju. 

Sesampune niku Kula maem lan mimik banyu putih. Rampung maem, Kula wudhu lan shalat zduhur. Sampun shalat, Kula sinau. Sesampune sinau, Kula dholanan sakedap. Sampun dholanan, Kula adus. Rampung adus, Kula shalat asar yen sampun wektune. Sampun shalat Kula maem, lan sampun  niku kula ngaji. Sadurung ngaji Kula shalat magrib. Rampung shalat kula ngaji ing langgar. Sesampun ngaji kula mulih, yen sampun tekan dalem Kula mlebet kamar lan istirahat.

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA