Ujian Praktik 2016 (9A-36)

SEDEKAH BUMI
ING DESA KEBOWAN

Para warga Dhusun Kebowan Kecamatan Winong, saben taun wontenake adicara adat, salah sawijine yaiku “Sedekah Bumi”. Para warga Dhusun Kebowan padha guyub rukun kumpul bareng ngramekake sedekah bumi.

Tujuwanipun dipun wontenake upacara sedekah bumi yaiku kangge awujud rasa syukur lan matursuwun sedaya warga desa dening rezeki kang sampun dipun limpahaken saha dedongo mugi-mugi desa Kebowan slamet, guyub rukun lan dipun tebihake saking pandeglug kang werna-werna.

Adicara “Sedekah Bumi” menika dipun wontenake ing dinten Rebo Wage tanggal 2 September 2015 lan dipun panggenake ing punden Dhusun Kebowan. Adicara dundum berkat saka kondhangan sedekah bumi kangge warga Dhusun Kebowan dados adicara rutinan saben taun sepisan. Berkat kang didundumake yaiku dhaharan kang digawe saka sega kanggo selametan kang kasebut ambengan. Ambengan kuwi kang diisi dening sekol lan tumisan kang werna-werna. Banjur didhahar sareng-sareng bakda dikondhangaken kanthi berjamaah. Kondhangan kuwi dipimpin moden dhusun, kang asmane Pak Abbas. Adicara sawise dundum ambengan yakuwi dipun wontenake pagelaran wayang kulit. Wayang kulit kuwi luwih kathah ditonton dening tiyang sepuh.  Tujuwan dipun wontenake pagelaran wayang kulit yakuwi kanggo maringi hiburan warga lan nglestarekake kesenian daerah.

Kangge taun 2015 iki, adicara “Sedekah Bumi” digawe luwih meriah katimbang taun-taun sadurunge. Adicara liyane yakuwi pagelaran kethoprak kang dipun wontenaken marang bapak kades Kebowan piyambak, yakuwi Bapak Mulyono. Pagelaran kuwi dipun wontenake sedalu muput, wiwit saking jam 20.00-02.00. kethoprak kang dipun wontenaken gadhah asma Kethoprak Siswa Budaya saking Pati. Kethoprak kuwi panci kethoprak kang kondhang lan kathah sanget ingkang padha remen. Para warga Dhusun Kebowan padha guyub rukun kumpul sareng-sareng ningali kethoprak kuwi. Kethoprak Siswa Budaya mundhut lakon “mendhut boyong”. Carita riingkese kethoprak kuwi yakuwi diwiwiti saking bupati Kadipaten Pati ingkang mungsuhan marang bupati saking kadipaten Serang amerga padha rebutan dhaerah Gendeng. Bupati Kadipaten Pati banjur dhawuh marang patihe supaya dipun wontenake sayembara, kang dhawuhe “”sinten mawon tiyange ingkang saged merjaya lan ngerek umbul-umbule Patih Bandung Serang bakal diaturi kaliyan bupati emas telung cawik”. Sanalika ana brandalan kang gadhah asma Lodang. Lodang saged merjaya Patih Bandung Serang lan dipun aturi emas telung cawik. Ing papan liya ing Desa Pondoan wonten saudagar ingkang sugih banget kang gadhah asma Krama Landa. Dheweke gadhah putri ingkang ayu sanget ingkang dipun paringi asma Sunarsih. Saking ayune sunarsih dheweke dados rerebutane bocah lanang. Bocah lanang ingkang setunggal duweni asma Sabuk Janur saka Desa Paying, dheweke kuwi putrane wong ora duwe. Sing kapindho duweni asma Rangga saking Desa Pondoan, dheweke kuwi putrane tiyang sugih. Lan sing katiga dipun gadhah asma Jamalludin saking Desa Pondoan, dheweke kuwi putrane brandalan kang kondhang saking Desa pondoan kuwi kanthi duweni asma Lodang. Amerga padha rerebutan kepingin duweni Sunarsih, Krama Landa gawe sayembara ingkang dhawuhe yaiku “ sinten mawong ingkang bisa mundhut Tombak Pancarrawe bakal tak dadekake mantu”. Sanalika tiyang tiga kuwi kondur lan menyang panggonane Tombak Pancarrawe kang ana ing Gunung Pati Ayam. Ananging ingkang dhateng rumiyen ing Gunung Pati Ayam among Sabuk Janur. Sanalika dhateng salebete guwa ing Gunung Pati Ayam, Sabuk Janur kepanggih marang ingkang jagi gua kuwi awujud pawongan wadon kalih. Sabuk  Janur arep tetembung kaliyan pawongan wadon kalih kuwi yen gadhah kekarepan mundhut Tombak Pancarrawe ingkang wonten ing salebeting gua kuwi. Ananging pawongan wadon kalih kuwi boten maringi Sabuk  Janur mundhut Tombak Pancarrawe, tiyang wadon kalih kuwi banjur perang karo Sabuk  Janur. Sabuk  Janur banjur perang karo wong wadon kalih kuwi. Sanajan among tiyang setunggal, Sabuk Janur saged merjaya tiyang wadon kalih. Sabuk  Janur banjur rawuh ing griyane Sunarsih. Sabuk Janur kaget deleng sampun wonten tiyang lanang liyane kang mbeta Tombak Pancarrawe. Amarga wonten tiyang kathah sing mbeta Tombak Pancarrawe, Krama Landa ncobo-ncobo gonta-ganti tombak kuwi. Tombak kang asli yen kenging kulit ngraosake gatel lan amung Sabuk Janur kang gadhahi tombak ingkang asli  lan Sabuk Janur dados mantune Krama Landa.

Kangge ngresiki desa saking sengkala lan bebaya kedah dipun wontenaken adicara sedekah bumi. Kayata warga dhusun Kebowan iki, kangge ngramekake adicara sedekah bumi para warga padha urunan kangge gawe berkat awujud rasa matur suwun warga marang Allah Swt.

Adicara sedekah bumi kuwi dipun wontenake saben taun ing wulan apit kangge nglestarekake paninggalane tiyang sepuh biyen.
Nami        : YUNITA ROHMAH
Kelas  : IX-A
Nomer : 36

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA