Ujian praktik 2016 (9A-33)

Asal-usuling
Desa Tanjunganom

Rikala jaman semana,saderenge desa Tanjunganom ngadeg,ing desa Tanjunganom wonten krajaan kang kapimpin dening Ratu kang asma Ratu Dara Wati.Ratu Dara Wati niku yuswane sampun sepuh,ananging pasuryanipun taksih awet enem. Amargi saking niku Ratu Dara Wati sinebut Mbah Dara Wati. Mbah Dara Wati kasebut tiyang kang sae tindak tandukipun. Pramila Mbah Dara Wati diagungake dening warga desa Tanjunganom. 

Ananging Mbah Dara Wati mboten kagungan putra.Piyambakipun gesang piyambakan.Anggenipun Mbah Dara Wati  mimpin saged damel desa Tanjunganom ayem lan tentrem.

Ing sawijining dinten ing desa Tanjunganom kaguyur udan,saengga dadosaken desa Tanjunganom kebanjiran. Mbah Dara Wati bingung anggone golek solusi kangge nangani kadadean iku mau. Akhire Mbah Dara Wati nemokake cara kangge nangani banjir mau. Mbah Dara Wati nandur wit kang bisa ngisep toya banjir wau. Akhire desa Tanjunganom sampun mboten kebanjiran maneh.

Saking kadadean iku desa iki dijenengake Tanjunganom,amargi kapundhut saking Tanjung lan Anom. Tanjung kuwi amargi wektu banjir desa iki mau kaya dene semenanjung. Sawetara Anom kuwi saking pemimpin desa kanga wet enom. 

Kangge ngenang sejarahipun desa Tanjunganom,wonten papan kang didadosaken papan kang kramat yaiku wit kang ditandur Mbah Dara Wati kang mapan wonten ing Tabelan desa Tanjunganom.

Nami        :Wiwit Diyah Ayu Lestari
Kelas       :9A
No Absen :33

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA