Ujian Praktik 2016 (9A-29)
Pengalaman Wekdal TK
Nalika semono wekdal kula tesih sekolah TK, kula gadhah pengalaman ingkang lucu. Wekdal menika kula gadhah rencang kang naminipun Yuliana. Yuliana kuwi mboten rencangipun kula bae nanging Yuliana nggih sedherekipun kula. Undanganipun Ana ing dalem.
Caryosipun dipunwiwiti saking dinten selasa. Kula tesih emut kadadean kuwi. Panggonan kadadeanipun cariyos kuwi yaiku ing Taman ngarsa kelas. Wekdal meniku kula nembe mlebet kelas kula dipunkejot rencange kula yakuwi Ana. Lajeng kula kejot lan Ana nyuwun ngapura marang kula.” Yuni ,aku nyuwun ngapura nggih?”,ngendhikanipun Ana. Lajeng kula maringi ngapura marang Ana lan ngendhika,” Nggih mboten napa punapa kok.”
Enjingipun kula lan Ana arep tindhak sekolahan kang diterake Ibu kula lan Ana sesarengan jam 7. Ingkang sampun rawuh ing sekolah kula lan Ana lajeng mlebet ing kelas. Wekdal kula lan rencang – rencang kula padha damel gambaran ngagem gunting lan krayon. Ingkang arep mundhut krayon lan gunting ing kursi kang wonten lacinipun, gunting lan krayonnipun mboten wonten lajeng kula tinudhuh marang Ana ingkang sampun mundhut gunting lan krayonnipun kula.
Sarampunge kuwi kula lan ana tukaran lan padha tudhuh pinudhuhan. Lajeng Ustadzah kang ngajar ing kelas dados panengah kadadean kuwi. sarampunge kuwi kula lan Ana padha muwun lan padha nesu ngatos pirang - pirang dinten. Lajeng kula dipun dherek ing dalemipun Ana tumuju sowan ing dalemipun Eyang kakung lan putri. Lajeng kula dipundangu Eyang kakung ngendikanipun,” Mbak Yuni sampun sekolah? Sekolahe pripun ? Lancar mboten pareng nakal nggih?”. Kula ngendhika ,“Nggih Eyang,nanging kala wingi kula tukaran kaleh Ana amarga gunting lan krayon kula ical Eyang lajeng kula tinuduh marang Ana amarga dheweke ingkang cakete kula.”
Kula dipunngendhikani Eyang amarga kadadean kuwi kula lan Ana kudu apikan maneh amarga mboten pareng tukaran dangu – dangu. Lajeng benjingipun kula nyuwun ngapura marang Ana lan Ana maringi kula ngapura. Ingkang wekdal meniko kula lan Ana dereng diparani lan kito ngentosi ibu’. Wekdallipun tesih dangu lajeng kula lan Ana wangsul sareng sareng.
Ingkang sampun rawuh ing kreteg caket sekolahan TK, kula lan Ana dolanan wadah bekal sekul dipundamel poto –potonan kula lan Ana ento- ento dados potograper kang sampun ahli. Wekdal tekan dalan kang alit kula lan Ana uninga ibu’ kula lan Ana lajeng kito ndelik ing caket selo kanggo mbangun griya. Lajeng kula lan Ana wangsul nanging ibu’ kula uninga seragamipun Ana. Lajeng Ana nyuwun pirsa marang kula ,“Yun ibu’ pundi nggih.” lajeng kula ngendhika ,” Duka?” Lajeng kula dikejotipun ibu’ saking wingking lan kito kejut amarga kuwi. Lajeng kula lan Ana wangsul sareng ibu’ lan dipundhutake jajan ing tokonipun Eyang. Sarampunge kuwi kito padha geguyon amarga kuwi .
Nami : Sri Wahyuni
Kelas : IX - A
No : 29

Comments
Post a Comment