Ujian Praktik 2016 (9A-22)

Pengalaman Kulo
Saking TK Dumugi SD

Taun kalih ewu, kulo laer ten Galiran, Kecamatan Sukolilo. Dumugi umur gangsal wulan, kulo lajeng kesah ten Sumatera, Pekan Baru, Riau, amergi bapak kulo kerjo ten mriku. Lajen taun kaleh ewu enem, kulo disekolahake ibuk lan bapak ten TK Imam Ahmad Perawang Pekan Baru. Saben dinten kulo ten mriku, lan alhamdulillah saget mbetho nami sae keluarga lan sekolahan ngantos angsal pinten-pinten piagam. 

Akhir taun pelajaran, lajeng kulo sak keluarga badhe pindah ten Jawi utawi wangsul Jawi. Nalikane kulo pamitan saking sekolahan niku, guru kulo malah mboten angsal yen kulo pindah, guru kulo niku wau ajeng nyekolahake kulo lan arep dhadeake kulo bibit wonten mriku.

Sak sampune pikantuk serat pindah saking sekolahan, kulo lajeng sak keluarga wangsul ten Jawi dherek mbah ten Galiran, Sukolilo.

Lajeng taun ajaran enggal kaleh ewu pitu lan wolu, kulo dilebetake ten SD galiran. Kulo sekolah ten SD Galiran kaleh mbakyu kulo kirang langkunge setunggal taun.         

Yen dinten Setu malem Minggu kulo dipurugi bapak, dipun jak ten Jogan, amargi bapak ibu kulo pindah ten Jogan rumiyen. Kulo lan mbak kulo sekolah ing Sukolilo ngantos setunggal taun. Lan nalikane kulo pindah, guru kulo ten SD nggih boten angsal, yo kersane tetep ten SD galiran.

Sak sampunipun  angsal serat pindah sakeng SD Galiran, lajeng kulo dilebetake bapak ibu ten SD Jogan Tambahmulyo. Alhamdullillah wonten SD Jogan Tambahmulyo niku kulo lan mbak kulo ditampi. Ten SD Tambahmulyo 2 niku,  kulo sinau temenan lan mboten ngaciwani bapak ibuk. Akhire kulo wonten SD mriku nggih saged mbetho nami sae sekolah lan angsal piagam. Nggih mekaten wau crito kulo saking TK dumugi SD. Lerese kulo niku lair wonten Jawi agenge wonten Sumatera. Pramilo niku kulo mboten saged basa Jawi.

Matur Suwun

Nami      : Nurul Ahsani Alfiah
Kelas      : 9A
No.Absen: 22

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA