Ujian Praktik 2016 (9A-21)

Asal-usuling
Desa Tanjunganom

Dek jaman biyen sederenge desa Tanjunganom wonten ,tlatah Tanjunganom niku wonten kerajaan kang dipimpin dening Ratu Dara Wati.Ratu Dara Wati niku yuswane sampun sepuh banget ananging dhewekke gadhah rupa kang ayu,seger lan enom .Amargi yuswane sampun sepuh,Ratu Dara Wati biasanipun kaceluk Mbah Dara Wati.Mbah Dara Wati niku mboten kagungan putra lan putri.Dhewekke mimpin warga ing tlatah Tanjunganom kanthi adil,makmur,lan gemah ripah loh jinawi.

Ing sawijinng dinten tlatah Tanjunganom kaguyur udan kang deres lan suwe banget.Udane mboten leren-leren kanthi tlatah Tanjunganom banjir.Sawektu niku tlatah Tanjunganom mboten katon kaya desa,kabeh omah karendem toya.Tlatah Tanjunganom sampun kaya segara lan persis kaleh semenanjung.Lajeng Mbah Dara Wati nanem tanduran supados saged ngilangake banjir wonten ing tlatah Tanjunganom .Saya suwe tanduran kang ditandur Mbah Dara Wati saya ageng lan saged nyerot toya banjir.Dadine tlatah Tanjunganom wes balik kaya dekmeniko maleh.

Saya suwe tlatah kang dereng gadhah asma niku diparingi jeneng Tanjunganom.Tanjung saka tetembung asma tlatah kang dekmeniko banjir kaya semenanjung. Lan anom saking wujudde Mbah Dara Wati kang mboten tuwa-tuwa alias sepuh lan tetep seger kaya wong enom.Kanthi sakmeniki tanduran utawi uwit kang ditandur Mbah Dara Wati niku iseh wonten lan warga Tanjunganom mboten wantun nebang uwit niku amargi uwit niku sampun nyelametake desa Tanjunganom saking banjir ageng.Uwit kang ageng niku iseh urip lan panggone wonten ing Tanjunganom yakuwi ing Tabelan.

Nama       : Nila Alviyanti
Kelas       : IX-A 
No.Absen : 21

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA