Ujian Praktik 2016 (9A-17)
Cikal Bakal
Desa Angkatan Lor
(Rujak Beling Ceprot Katan)
Rikolo jaman rumiyin wonten setunggaling Kabupaten Grobogan ingkang dipunpimpin kaliyan Adipati Hario Puger ingkang gadhah garwa naminipun Rekno Kasihan. Satunggaling dinten wonten tamu ingkang sowan, wonten dalemipun Adipati Hario Puger. Tamu ingkang sowan inggih punika Tumenggung saking Serang Banten ingkang gadhah asma Banteng Sura. Kaliyan sikap angkuh, Bupati Grobogan dipun suwuni tunduk kaliyan Tumenggung Banteng Sura. Ananging Adipati Hario Puger nolak, saengga Tumenggung Banteng Sura murka. Lajeng Banteng Sura nglawan lan mejahi Adipati Hario Puger. Amargi taksih dereng puas, Tumenggung Banteng Sura pengen nggadhahi garwa Hario Puger. Ananging Rekno Kasihan mboten kerso amargi priyantunipun taksih tresna sanget kaliyan Hario Puger lan tiyang ingkang badhe nggarwa inggih punika tiyang ingkang sampun tega mejahi garwa ingkang sanget dipun tresnani.
Pungkasane Rekno Kasihan kesah ninggalaken Kabupaten Grobogan. Wonten salebetipun tindakan, Rekno Kasihan ningali wit ingkang boten temtu bentukipun, lajeng papan wau diparingi nami lan dados Desa Rimalang . Rekno Kasihan nglajengake tindakipun tumuju wetan paranipun. Wonten salebetipun tindakan Rekno Kasihan mboten papagan kaliyan tiyang, lajeng ngongak-nganguk amargi mboten wonten ingkang dipun suwuni pirso, saengga dados Desa Ngangok. Mboten cekap semanten, Rekno Kasihan nglajengaken lampahipun dumugi Suwaduk, piyambakipun kepanggih kaliyan kang mase, ingkang gadhah asma Branjang Kawat.
Sanes wedal, Tumenggung Serang ingkang dereng puas mejahi Adipati Hario Puger, sareng-sareng kaliyan Adipati Mursiah lan Patih Rekno Daling nyerang Kabupaten Pati. Nalika semana Kabupaten Pati dipun pimpin kaliyan Adipati Joyokusumo lan Patih Penjaringan. Rikolo semanten antaranipun Pati kaliyan Serang wonteng perang ageng lan Pati kalah. Lajeng Adipati Joyokusumo damel sayembara “sapa wae sing bisa ngalahke prajurit Serang, bakal dakangkat dadi Penggede ing Kabupaten Pati”
Tiyang ingkang naminipun Ki Ageng Joko Sungging nyuba nglawan prajurit Serang, ananging piyambakipun kawon lajeng mlajeng tumuju Desa Suwaduk. Wonten panggenan ngriku wonten tiyang rebutan toya antaranipun Branjang kawat kaliyan:
- Ki Ageng Soko
- Ki Ageng Wareng
- Ki Ageng Koripan
- Ki Ageng Nggandhong
Branjang Kawat ugi mireng sayembara ingkang diwara-warakake kaliyan Adipati Joyokusumo lan pengen nyuba sayembara punika. Saderengipun kesah perang kaliyan Banteng Sura, Branjang Kawat cs sowan ing dalemipun Ki Gede Gesang nyuwun pitulungan. Ki Gede maringi saran supados nglampahi perang berik. Lajeng Branjang Kawat cs majeng perang kaliyan Banteng Sura.
Nalika perang punika, Banteng Sura kapojok lajeng dados Desa Pojok. Papan ingkang dipun agem perang punika dipun wastani Desa Tengkrik saking tembung ‘’Banteng lan berik’’. Lan wonten panggenan ngriku Branjang Kawat nyulik Patih Rekno Daling.
Lajeng Branjang Kawat perang kaliyan Banteng Sura. Saking perang punika Patih Rekno Daling ninggal lan dados Desa Kedalingan. Benten kaliyan Adipati Mursiah ingkang ngungsi wonten satunggaling papan lan papan ungsian wau sakniki dados desa Kongsen.
Ki Ageng Joko Sungging ingkang nate kalah nglawan prajurit Serang, mireng kabar bilih sedaya prajurit Serang sampun kalah lan Tumenggung Banteng Sura ugi sampun pejah. Lajeng ki Ageng Joko Sungging ngadhep Adipati Joyokusumo lan matur menawi tiyangipun sampun saged ngalahaken prajurit Serang. Adipati Joyokusumo maringi medali lan hadiah marang Ki Ageng Joko Sungging.
Amargi prajurit Serang sampun kalah, Branjang Kawat cepet-cepet matur marang Adipati Joyokusumo. Ananging berita ingkang dipun aturaken dateng Branjang Kawat boten dipun percaya amargi Ki Ageng Joko Sungging sampun langkung riyen matur dumateng Adipati Joyokusumo. Mireng penolakan saking Adipati Joyokusumo, Branjang kawat nesu lajeng nglawan Adipati Joyokusumo, saengga kedadeyan perang Pati. Amargi saderengipun Branjang Kawat sampun perang nglawan prajurit Serang, badanipun sampun kraos kesel. Branjang Kawat mlayu teng sumur gowak lan ndelik wonten ing ngriku ananging dipun mangertosi dening warga Kabupaten Pati. Amargi Branjang Kawat kraos boten kiat malih lajeng ngendika “Aku ora bakal isa mati yen ora digrojog karo pecahan kaca utawa beling”.
Sarampungipun ngendika punika lajeng sedaya pecahan kaca lan beling dipungrojogaken wonten ing sumur gowak ingkang dipun agem papan delik Branjang Kawat. Beling-beling wau dideplok ngantos Branjang Kawat seda. Lan saking prastawa punika, kedadean wau dipun paring asma Rujak Beling Ceprot Katan.
Nami : Luluk Nur Fadhillah Mukminurrahmah
Kelas : 9A
No : 17
Comments
Post a Comment