Ujian Praktik 2016 (9A-16)

SEDEKAH BUMI
ING DESA BOGOTANJUNG
DUKUH BOGORAME


Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos puji panuwun kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang ingkang mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten satunggaling désa. 

Désa-désa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas désa punika désa-désa wonten kabupatèn Pati. Kabupatèn Pati punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten Jawi Tengah. Salah sijining Desa Bogotanjung.Sedekah bumi ing Desa Bogotanjung dipunwotenaken saben taun. 

Acara sedekah bumi dipun laksanaaken sedinten sedalu.Pagelaran ketoprak menika minangka wangun prayaan panuwun. Panggonan pagelaran ketoprak yakuwi ing ngajeng dalemipun Bapak Kepala Desa.Sadurunge acara sedekah bumi diwiwiti ,punden diresiki supaya resik.Acara sedekah bumi diwiwiti acara sholawatan,robananan,lan ndungo ing punden pas malem sadurunge sedekah bumi.Warga supados yen nandur pari utawa palawija saged sae.Esuke watara jam 09.00 wonten kondangan maleh.Sawise kondangan warga padha antem-anteman sega.

Acara sebanjure yaiku ana pagelaran ketoprak ing griyane lurah wiwit jam 13.00-17.00.Ing wayah wengi ana pagelaran ketoprak maneh wiwit jam 21.00-03.00 ing griyane lurah.Wiwit pagelaran ketoprak jam 13.00 lan mungkasi jam 17.00-21.00 ketoprak wiwit maneh.Pagelaran kuwi rame banget lan lumampah lancer banget.Para warga padha bungah banget nonton pagalaran ketoprak kuwi.

Nami     :Kristina susi .s
Kelas     :9a
No.abs  :16

Comments

Popular posts from this blog

Crita Legenda Asal-usule Desa Sugihrejo Gabus Pati

Asal-usulipun Desa SUNGGINGWARNO

Wayang RAMAYANA