Ujian Praktik 2016 (9A-12)
Sedekah Bumi Ing Desa
Kedalingan
Dinten Minggu Pon tanggal gangsal Juli 2015, wonten adicara hiburan rakyat yokui adicara tri-tarian. Saben sekolah ing Desa Kedalingan nampilipun kreativitas yokui tari-tarian saha tetembangan. Sesampun acara niku dilanjutaken kalian adicara Kethoprak. Kethopraknipun yokui Kethoprak Joko Budaya, Kethoprak saking Desa Kedalingan. Lelakon kang diagem yokui lelakon Kebo Marcuet. Tiyang kang ngelakoakenipun nggih saking warga Kedalingan piyambak.
Adicara arak-arakan dilaksanaipun dinten Jum’at pon tanggal setunggalwelas September 2015. Arak-arakan puniku, saben Rt damel sekul tumpeng, ulam pithik, saha tetedhan liyanipun kayata tedhan peken. Arak-arakan dilaksanakaken jam kalih siyang. Saben RT mikul tumpengipun kang sampun dihias nampih Tugu, panggenan ngempalipun. Saderengipun Arak-arakan dipunawiti kaliyan adicara tarian satiyang wadon ingkang sampun dipunpileh kepala desa. Sesampunipun nari, saben Rt mikul tumpengipun ngubengi dhusun.Arak-arakanipun dipunpimpin Cucuk Lampah (tiyang wadon kang dados penari), para aparat desa, Drumband saha Barongan. Sasampunipun ngubengi dhusun lajeng ngempal malih ing makam Mbah Daling, panggenan ingkang biasanipun dianggep panggenan ingkang dados cikal bakal desa puniku. Saksampune kempal lajeng tedhan wau didoaken sareng-sareng dipimpin kyai ing Desa Kedalingan. Sesampun didoaken lajeng para masyarakat banjur pada njikuk maeman mau. Wonten kang didhahar teng mriku saha wonten kang didhahar ing dalemnipun piyambak. Adicara niku ngambangaken rasa syukur warga marang rezeki kang sampun diparingipun Gusti.
Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos puji panuwun kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang ingkang mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten satunggaling désa.
Désa-désa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas désa punika désa-désa wonten kabupatèn Pati. Kabupatèn Pati punika salah satunggaling kabupatèn ingkang wonten Jawi Tengah. Salah sijining Desa Kedalingan.
Sedekah bumi ing Desa Kedalingan dipunwotenaken saben taun. Adicaranipun katah banget woten acara ingkang wajib saha acara mboten wajib. Adicara ingkang wajib yakui wayang saha adicara mboten wajib yokui Arak-arakan, Kethoprak, Barongan, serta Tari-tarian. Taun niki benten kalian taun-taun biasane. Taun niki adicaranipun dilaksanaipun ing wekdal ingkang benten.


Adicara dereng rampung, Dinten Ahad Kliwon tanggal wolulas Oktober 2015 wonten acara wayang. Wayangipun dilaksanaaken ing wulan Sura. Lakonipun Subali Menditha.
No. Abs : 12
Kelas : 9A
Comments
Post a Comment