Ujian Praktik 2016 (9A-06)
Sedekah Bumi
Desa Sunggingwarno
Sedekah bumi ing desa Sunggingwarno dipunwontenaken ing dinten Selasa, 25 Agustus 2015. Ing sedekah bumi desa Sunggingwarno acarane arupo kethoprak "CAHYO MUDHO" sedinten sedalu. Sadurunge kethoprak diwiwiti jam 13.00, sekitar jam 09.00 masyarakat desa Sunggingwarno makempal ing balai desa kanggo syukuran/bancakan. Sedekah bumi ing Sunggingwarno ing taun 2015 diwiwiti bancakan ing balai desa Sunggingwarno dening masyarakat Sunggingwarno. Para masyarakat ngasta berkat awujud sekul, jajan pasar, gedang, lan sapiturute saking dalemipun piyambak. Sawise donga/kang diwaos bapak modin, para warga dhahar berkatipun sareng-sareng. Wonten uga kang ngasta berkatipun kondur ing dalemipun piyambak. Ing jam 13.00 kethoprak "CAHYO MUDHO" diwiwiti. Acara jam 13.00 ngantos 17.00 sonten yakuwi :
1. Kepyak
2. Jejer
3. Perang
4. Emban
5. Jejer
6. Dagelan
7. Panutup
Wayah dalu, dilanjutake bakda isya (19.00) ngantos pajar (03.30). Wayah jam 19.00 acara dimulai. Pentas dangdut lan tari-tarian dening masyarakat Sunggingwarno piyambak. Para rencang <9 taun nari tarian tradisional, kombinasi, lan wonten uga kang nyanyi. Para bocah enom podo nyanyi nyanyi dangdut kang diiringi niyaga kethoprak lan dikombinasi kaliyan melodi. Jam 21.00, acara dilanjutake kaliyan sambutan-sambutan saking Ibu kepala desa, Ibu Kamini 15 menit sambutan, acara dilanjutaken yakuwi kethoprak kepyak lan acara-acara liane. Ing wayah dalu, penontone luwih rame. Mboten uga masyarakat Sunggingwarno, saking Turi, Koripandriyo, Penanggungan, lan desa-desa sanesipun uga akeh kang nonton. Amarga ing wayah dalu adhem lan atraksi-atraksi ingkang luwih kathah lan luwih bagus nambah ketertarikanipun penonton supaya tetep trisno kaliyan kethoprak lan saged nglestariake.
Nama : Aprilia Prihati Ningtias
Kelas : 9A
No. Abs : 06
Comments
Post a Comment