Ujian Praktik 2016 (9A-05)
ASAL USUL
DESA MOJOLAWARAN
Nalika jaman rumiyen wonten satunggaling pesantren ing desa,saklerese ing “Bumi Telon”. Kasebut Bumi telon kanggo pesantren padepokan dumunung ing tapel wates tigang desa. Mojolawaran dumunung ing sisih kidul, Sambirejo ing sisih kulon segara, Sugihrejo mujur magetan. Pondok pesantren punika mboten mung mulang ilmu agama mawon, nanging uga ilmu tetanen, dagang, ilmu seni uga kagungan kawasisan olah kanuragan ilmu alias bela diri.

Siti Rohmah inggin punika Dewi Lanjar ninggalake griya, wiwit saking kalepatan ingkang alit derdah marang piyambakipun, nalika masak wonten kekirangan dumateng masaanipun Dewi Lanjar. Ningali masaanipun menika,sahinggo ibunipun dua dumateng Dewi Lanjar digebuk sirahipun Dewi Lanjar ngangge entong, kamangka Dewi Lanjar kesah ninggalake griya mboten jelas tujuanipun. Piyambakipun namung nuruti lakuning ati lan nuruti sukunipun. Sasen sasen Dewi Lanjar ninggalake griya. Kesahipun Dewi Lanjar ndadosake kangen kakang lan ibunipun sahinggo saderekipun madosi dumateng Dewi Lanjar.
Saderekipun Dewi Lanjar madosi Dewi Lanjar nganti beda arahipun. Kakangipun madosi kanthi strategi yaiku ngagge gamelan ingkang dipun remeni Dewi Lanjar yaiku “Topeng Loreng”. Saking desa marang desa, kutha marang kutha piyambakipun madosi nanging asilipun mboten wonten. Saklajenge langkahipun Dewi Lanjar sayah, lajeng Dewi Lanjar ngaso wonten ngandap wit. Nalika Raja Mataram nembe nithi pirsa, Raja Mataram ningali cahaya terang ingkang ndadosaken Raja Mataram kagum mulo Raja Mataram ngutus patihipun madosi sinar ing terang puniku ngantos kepanggeh asak usulipun. Patihipun lajeng nyukani pirsa dumateng Raja Mataram, pramila Raja Mataram lajeng mirsani piyantun putri puniku, mirsani piyantun putri silih warna Raja Mataram ketaman asmara. Pramila didadosake garwa seliripun Raja Mataram ugi dipun boyong dumateng kerajaan.
Sauntoro kakangipun sampun pupus anggene madosi adhinipun, pungkasane piyambakipun madosi wonten kerajaan, piyambake dedolana Topeng Loreng wonten saknjawinipun kerajaan. Topeng Loreng punika ndadosake gumuning masyarakat sak kanan kirinipun kerajaan. Kabar wontenipun kesenian puniku ngantos Dewi Lanjar mireng. Nalika puniku Dewi Lanjar ngadahi gelar sang ratu. Mila, sang Dewi matur dumateng garwanipun supados nguri uri kabudayan menika. Mila diwontenaken kabudayan Topeng Loreng wonten ngarsanipun sang Ratu. Banget kagetipun kakang Dewi Lanjar uga Dewi Lanjar. Kakangipun mboten nyangka bilih ingkang jumeneng wonten ngajengipun ingih punika Dewi Lanjar. Mila, saksampunipun kabudayan punika, kakangipun ngawantunaken tanglet dumateng sang Ratu kanthi angendikan sehingga dadosaken tangisipun antarane kakang kalawan adhikipun
Kanthi singkat criyosipun kakang ugi adhikipun ngelepas raos kangen mila sang Ratu nyeritakaken sadaya dumateng sang Raja. Sang Ratu ugi gadah panyuwun supados saged kakangipun kundur ananging sang Raja maringi syarat kanthi sawetara wulan, mila sang kakang lan adhinipun kundur. Saksampunipun dugi griya, Dewi Lanjar ugi ngelepas kangenipun dumateng sang ibu. Kanthi karaharjan ingkang jelas.
Saksampunipun sakwetara dinten Dewi Lanjar katemah gerah lan akhiripun dadosaken seda. Sasen sasen sang Raja nengga kerawuhanipun sang garwa nanging mboten wonten akhiripun sang Raja ngutus utusan kangge mapak sang Ratu, ananging dukanipun para utusan kanthi diparingi pirsa keluarga inggih punika sang Ratu sampun seda. Mila, para utusan klampiasaken dukanipun kanthi nempeleng para santri, kanthi ninggali kahanan punika, watak manusianipun Kyai Alim medal. Dipun angkat satunggaling watu lan diantemake dumateng para prajurit, para prajuritipun mlajar separah parah. Watu punika di[un arani inggih punika Watu Bobot
Watu Bobot ingkang rumiyin dipun ginaaken Raden Alim, sakpuniko wonten sampingipun makam Dewi Lanjar ugi makam Raden Alim. Dadosaken saksi bisu kawantenan ananing tokoh agung desa punika.
Nama : Alyda Ayu Rizky N.
Kelas : 9A
No.Abs : 05
Comments
Post a Comment